Sabtu, 11 Juli 2009

GEGURITAN

KENE IKI DESA
Sugito HS



bocah kene rambute padha mbranang mung jalaran sabane ara-ara
kenya kene untune resik-resik mung merga dikosok remukan bata
ing kuthamu cara ngene iki mesthi ora ana

kulit jeruk ing kene dudu sampah ning dolanane bocah
klethong sapi inthil wedus ing kene kanggo rabuk sawah
wis mesthi wong kutha ora bisa ngupakara amrih piguna

lemah ing kene kebak janganan sing enak dikela
lurunge edhum ingayoman wit-witan ambeganmu lega
apa ya ana papan kaya ngene iki ing kutha?

prawan kutha rusak rambute ora kramas cem-ceman awu merang
wong kutha ora tentrem pijer sumelang pethetane dicolong liyan
mula gelema tuwi kadang ing desa

wingi aku ya mrusal suwe ing kutha kalepyan marang asal
gandheng wis katog nggonmu ndhugal becik tumandang srana akal
mbangun ing kene supaya reja


Prambanan, Oktober 2007

Tidak ada komentar: