AJA WATON
Sugito HS
mung nembang rada blero wae kok nampa duka
mbok ndukani kae sing waton mbengok ora nganggo rasa
Hla rak mesthi ora wani!
coba yen ngene iki sapa sing cacad?
adhiku mung ora pati teteg merga nglaras swara iku mawa ragad
mung sabetane ora runtut wae diundamana
mbok ngundamana kae sing saben dina nyabet bandhane tangga
Mesthi ora kuwawa!
saiki sapa sing ngasorke drajade dhalang?
kakangku mung jarang ajar merga ora gableg wayang
mung nabuh keseron wae dadak diwada
mbok mada kae sing nabuhi kana-kene gawe gendra
Apa kira-kira bisa?
wong ajar luput iku ora apa-apa
wis lowung adhiku gelem sinau nabuh gangsa
mung kurang luwes wae kathik didhendha
mbok ndhendha kae sing pendhak polah gawe cilaka
Apa ora rekasa?
kakangku mung durung pati karem mbeksa
tinimbang kae sing wis suthik ngudi edi-endahe budaya
Prambanan, Oktober 2007
Tidak ada komentar:
Posting Komentar