Kamis, 09 Juli 2009

GEGURITAN

Kenya kang Mundhi Sesaji
Sugito HS

kok-anggo busana adi wastra tradhisi
kokpundhi ubarampe sesaji
kokpecaki marga kebak pangesthi

kok-obong pucuking dupa wangi
koksebar sekar mancawarni
kokwaca rapal mantram sakti

kok-angkah palimarmaning Gusti
kok-aturake saniskara puji
muhung konjuk Hyang Widhi

Denpasar, Juli 2005

1 komentar:

Anonim mengatakan...

Q yrma dari dnpsar, yaa biarpun gk ngerti bhasany .. tp q ngerasa ademm bngett..

mksih yaa buat puisiny...

sukses terus cu..