NALIKA KANCAKU WIS KETEMU JODHONE
Sugito HS
1/
Tak-sedhot ganda arum kembang kanthil tanpa tetidha
sebab bokmenawa kena kanggo tandha
yen aku melu bungah
kancaku saiki palakrama
Takpethik kembang mlathi putih
takgawa mulih
takreronce ngrenggani gelung
sebab bokmenawa bisa kanggo lambang
yen tekaku mengko nyangking bombong
Takgegem kembang mawar abang
bakal tak-ulungake penganten lanang
sebab bokmenawa bakal dadi sasmita
yen sabanjure dadi sedulur
2/
Kanthil iki tandha bungahku
Mlathi iki tandha bombongku
Mawar iki tandha tresnaku
Mesthine bungahmu ing dina iki ngungkuli arume kanthil
Mesthine bombongmu ing dina iki ngungkuli endahe mlathi
Mesthine tresnamu ing dina iki ngungkuli mekare mawar
3/
Dongaku kepleng persis ali-ali sing ngrenggani driji manismu, Kanca
Pujiku tanpa pedhot persis roncen mlathi lan kanthil sing sumampir pundhakmu, Kadang
Tentrema urip bebrayan, enggala antuk momongan, lestaria tekan delahan, Sedulur
4/
lamun wus antuk sewindu
rasakna kadya duk panggih
sanadyan tekan peputra
rasakna kadya duk panggih
tumekeng dhaup kencana
rasakna kadya duk panggih
Yogya, 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar