WAJIB MERDIKAKAKE
Sugito HS
Setaun kepungkur, kancaku, Mbak Nur, dirabi Mas Kus. Ijab-qobul-e pas tiba tanggal pitulas Agustus. Embuh apa dhasare dene kekarone milih tanggal iku. Bisa wae iku pinuju dina sing becik kanggo nikah, manut petungane wong-tuwane. Lan, bisa uga dipilih jalaran mbarengi dirgahayu kamardikane Indonesia. Bokmenawa pengin luwih berkah sebab saben taun, pendhak tiba tanggal iku, wong sanegara mesthi bareng mangayubagya. Bareng mengeti kedaden monumental, proklamasi kamardikane bangsa. Bareng negesi maneh tembung ‘mardika’.
“Merdika iku kahanan sing ayem-tentrem, gampang golek sandhang-pangan,” ujare Lik Yono, kusir andhong Malioboro. “Tumprape wong cilik kaya dene aku iki, sing penting gangsar olehe nyambut-gawe, Mas. Sa-asil-asile, mangan sa-anane, waton kahanane tentrem, mesthi uripe ayem. Pedah apa lawas merdika yen sing neng ndhuwur, sing kebacut diprecaya, sing dianggep luwih pinter, lan kudune uga luwih mudheng, ora kuwawa nentremake kahanan.”
Mesakake timen nasibe Lik Yono sing rumangsa duwe wakil ing ndhuwuran. Aja-aja rakyat sanegara iki jebul duwe panganggep sing padha karo kusir andhong kuwi, rumangsa bener milih wakil lan pener milih sing pinter. Yen kiraku, ing kene iki underane. Jaman pilihan, rakyat ora dimerdikakake supaya milih wakil jumbuh karo karepe. Rakyat sengaja “dikeluh”, “digeret”, “digelak”, supaya gelem milih jumbuh karo pilihane sing ana ing ndhuwur. Kamangka, pilihane wong-wong sing lungguh ing kursi kana kae ora gathuk karo pilihane rakyat. Dadi, lumrah yen tinemune ing pungkasan gela. Aja getun! Sebab wis disengaja. Iya ta?
Senajan ing donyane pendhidhikan uga padha. Langka guru sing ikhlas merdikakake murid-siswane. Racake siswa padha “dibanda”, “digujer”, lan “disikep” supaya manut karepe para sing disengguh minangka “guru”. Siswa ora dimerdikakake ngolah nalar lan rasa jumbuh karo dhuwure nalar lan jerone rasa ing pribadine dhewe-dhewe, nanging mung winates manut nalar lan rasa sing “dicawisake” para gurune. Dadi, aja cuwa yen pepuntone anak-putu mung kaya robot! Sebab wis disengaja. Iya ta?
“Merdika apa ta? Gawe KTP wae ora merdika kok,” celathune Mas Agus, sing laire tanggal pitulas Agustus telungpuluh taun kepungkur. “Cetha gaweanku dadi seniman kok KTPne wiraswasta. Apa karepe wong sajagat iki kudu dadi pegawe negri, TNI, Polri, tani, utawa wiraswasta, banjur yen seniman kuwi dudu pakaryan sing pantes ditulis ing identitas?!”
Beda maneh nalika ketemu Dyah sing ngakune mahasiswa. “Kebangeten tenan! Tuku buku wae kok ora oleh merdika golek dhewe nyang toko. Dadak kudu liwat dosen supaya bijine A,” sambate semu mangkel. “Ana maneh sing gawe aturan yen melu kuliahe kudu nganggo rok, ora oleh nganggo clana, apa maneh jeans. Jan ora merdika.”
Sing paling lucu, krungu gremengane Mbah Broto, veteran pejuang empat-lima, “Jamane wis merdika meksa isih kangelan mangan sega beras rajalele. Isih kangelan mbangun omah nganggo kayu jati. Yen lara ya isih kangelan njaluk tamba nyang puskesmas. Apa ya aku isih kudu berjuang maneh?”
Bener! Bener pitakone Mbah Broto. Lan mesthine, wangsulane cetha, kudu berjuang maneh! Berjuang nggladhi dhiri supaya tansah ikhlas “merdikakake” sasama.
Dirgahayu kamardikan Republik Indonesia sing kaping sewidaktelu. Caketa marang jatine mardika. Tansaha ginadhuh kanugrahane Gusti.
Agustus 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar