NEGESI SEKAR MANCAWARNI
Sindumurti
Pitados menapa boten, tiyang Jawi menika saestu akrab sanget kaliyan sekar mancawarni. Ing acara menapa kemawon tamtu ngginakaken sekar mancawarni. Saestu nggumunaken, wiwit saking upacara mendhem kawah lan ari-ari ngantos dumugi upacara metak layon, boten wonten ingkang tanpa ngginakaken sekar mancawarni utawi ugi winastan sekar setaman. Toya kangge upacara ruwatan, siraman, lan tingkeban, mawi sekar setaman. Toya wijikan ing upacara panggih penganten inggih kaworan sekar setaman.
Ketingal wigatos sanget wontenipun ubarampe sekar setaman ing kabudayan Jawi. Menawi mila saestu wigatos, tamtunipun ngandhut piwucal, ngemu suraos, ingkang saestu migunani tumrapipun ngagesang. Awit, tiyang Jawi menika sampun kasub sugih pasemon, karem paring piwucal lumantar lambang. Mokal menawi ubarampe awujud sekar mancawarni menika dipunwontenaken tanpa ancas ingkang maton.
Kondhangipun malih, tiyang Jawi menika kendel othak-athik gathuk amrih mathuk. Lan kula badhe nyobi kekendelan ngothak-athik werdinipun sekar setaman.
Ubarampe sekar setaman menika, jumbuh kaliyan aranipun, mila awujud sekar, kapundhut saking maneka jinis lan werninipun. Wonten sekar mlathi ingkang awerni pethak, sekar mawar ingkang awerni abrit, sekar kenanga awerni kuning, sekar kanthil, cepaka, sanesipun. Ugi taksih winor ron pandhan ingkang awerni ijem. Pramila, cocog menawi winastan mancawarni, awit mila saestu maneka werninipun.
Pethak, abrit, kuning, ijem, cinarub dados setunggal. Elokipun, boten awon, nanging malah tansaya endah sinawang. Beda-beda werni gumolong manunggal. Saestu endah. Sinaosa beda wujud lan werninipun, nanging sami dene arum gandanipun. Saestu edi.
Dumugi ing ngriki, nalarkula wantun negesi bilih ubarampe sekar setaman menika minangka piwucal sinandi ingkang ngemu suraos pemut. Suka pemut dhateng sinten kemawon supados tansah nglenggana bilih kawontenanipun bangsa Indonesia menika mila “bhineka”. Mekatena kula lan panjenengan ugi dipun-emutaken supados tansah ngugemi prasetya “tunggal” saengga golong-gilig wungkul nyawiji.
Bebrayan agung ing wekdal samenika saestu mbetahaken dayanipun sekar setaman. Bebrayanipun bangsa ingkang cinipta saking maneka suku, etnis, ras, lan agama, maneka kabudayan, maneka pamanggih, maneka cara, lan maneka tata, menika boten siwah kaliyan kawontenanipun sekar setaman, beda wujud lan beda werni. Nanging, kedah carub wungkul satemah endah lan angganda arum amrih edi. Beda-beda nanging sajuga. Maneka werni nanging sawiji.
Bokmenawi wonten prayoginipun, kula lan panjenengan samenika ugi, purun meguru dhumateng sekar mancawarni. Anggayuh endahing bebrayan lumantar bedanipun kawontenan nanging awor-carub tinangsulan guyub-rukun. Anggayuh edining bebrayan lumantar aruming pakarti muna muni. Sumangga dipuncobi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar