Rabu, 15 Juli 2009

SEKAR TENGAHAN

Sekar Tengahan Girisa
PEPELING RAHAYU
Sumaryono

mangkana jaman kalakyan
akeh ingkang kena godha
aleladi karemenan
datan eling kapitunan
tan traju kridhaning gesang
bandha-donya dadi paran
rebut pangkat-kalungguhan

den-elinga mring Pangeran
tan ana langgeng sanyata
asalira das wangsul das
mulanira ora ana
banjur tumitah ing donya
trus bali mring mulanira
bandha-donya tan ginawa
pangkat-semat tan piguna

marsudia wruh ing rasa
ngupadi dununge mulya
bandha temene sandhangan
pangkat satuhune gaman
isinira golekana
urip-pati kawisesa
jodho-rejeki kapurba
mulane aywa kalepyan

becik ngupaya-a marga
alus gangsar kalis godha
padhang-jingglang keh nugraha
imbangana klawan puja
rina-wengi sanityasa
sokur marang Gustinira
dimen tuhu kinabulan
rahayu donya-delahan

Tidak ada komentar: