Rabu, 15 Juli 2009

KEMBANG SETAMAN

JEJIBAHANIPUN PRANATACARA
Listyana Sitaresmi


Sawetawis dinten kepengker, tanggal 11 Oktober, kula nampi SMS saking kanca lawas ing Solo. Piyambakipun menika setunggalipun dhalang ringgit purwa. Sanes dhalang kondhang, nanging sangretos-kula sampun asring pikantuk tanggapan, dipuntimbali ngringgit ing dhusun-dhusun. Kejawi baut nyolahaken ringgit wacucal, piyambakipun ugi pinter nabuh gamelan. Piyambakipun taksih anem. Dados, kenging dipunsebut dhalang mudha.
Ungelipun SMS saking kanca-kula menika kados mekaten: Aku wurukana dadi pambiwara upacara panggih penganten. Saiki aku ngiringi pahargyan manten neng pendhapa ISI. MC-ne ora blas peni. Mau awan jagong manten, MC-ne ya ora gayeng. Diwarahi tenan hlo.
Sanalika kula lajeng nggagas, ingkang dipunwastani pambiwara/pranatacara/ master of ceremony ingkang boten “peni” menika ingkang kadospundi? Tembung ‘peni’ menika tegesipun saemper kaliyan tembung ‘endah’ lan ‘becik’. Hla, ingkang dipunkajengaken dening si dhalang mudha, kanca-kula wau, menggah tegesipun MC ingkang boten peni menika ngengingi busananipun, swantenipun, basanipun, menapa – nuwun sewu – pasuryanipun? Ngantos sepriki kula dereng ngretos lan mila dereng kula-takenaken dhumateng piyambakipun. Menawi bab MC ingkang boten “gayeng”, ingkang dipunkajengaken ing ngriki bokbilih MC ingkang boten saged damel regengipun acara.
Sajakipun kanca-kula menika kekathahen ningali live show ing TV ingkang presenter-ipun ayu-ayu lan bagus-bagus, sae-sae busananipun, tur prigel ndhagel. Upami saestu mekaten, menapa inggih kenging kangge pawadan nyaruwe para pranatacara manten? Sebab, manut nalar-kula, MC menika sanes model (peragawan/peragawati) ingkang jejibahanipun namung mameraken busana. MC ugi sanes penyanyi ingkang kedah pamer swanten ingkang kung/gandem. Lan MC ugi sanes penggurit utawi dhalang ingkang kedah utawi asring dolanan basa endah.
Taksih ngengingi prekawis MC, nembe kalih dinten kepengker, wonten kanca malih ingkang dhateng lan nembung supados dipunkancani gladhen ngemsi upacara sripah. Hla, samenika mangga dipun-gagas sesarengan. Menawi ing acara manten, “peni” lan “gayeng” menika setunggalipun tuntutan tumrapipun MC ingkang kepetang taksih limrah. Nanging sampun beda menawi ing upacara sripah. Menapa inggih sampun leres menawi lajeng gojeg ger-geran amrih gayeng kamangka kawontenanipun nembe sungkawa kesripahan? Menapa inggih patut menawi ngagem busana ingkang mompyor, kebak rerenggan manik, mutyara, sulaman wenang kencana, lan sapiturutipun? Sinaosa ing upacara panggih penganten, MC ngagem busana mompyor kladuk pamer menika sajakipun inggih kirang prayogi. Sebab, sepisan malih, MC menika, tamtu kemawon, sanes model.
Manut pamanggih-kula, jejibahanipun MC menika namung prasaja: ngembani lampahipun acara supados rancag (efektif lan efisien). Saratipun, tamtu kemawon: 1) ngginakaken basa ingkang prasaja (limprah dipun-ginakaken ing saben dintenipun) saengga gampil tinampi dening akathah; 2) ndamel keprananipun akathah kanthi solah-bawa ingkang nuhoni trapsila, tansah andhap-asor anoraga; ngagem busana ingkang prasaja saengga boten ngreribedi sadangunipun mranata acara; 3) madhangaken swasana kanthi ngumbar esem manis lan sorot mripat ingkang semanak semu grapyak dhumateng akathah; 4) tansah suka kawigatosan dhumateng menapa kemawon lan sinten kemawon ingkang wonten/rawuh ing salebetipun acara amrih saged ngendhani samukawisipun pepalang/sambekala.
Ceplosipun, MC menika boten sade rupa, sade busana, menapa malih sade swara. Ingkang kedah “peni” menika sanes pasuryanipun utawi malah swantenipun si MC, nanging tumindakipun, saengga saged njalari “nges”-ipun swasana. Mekaten ugi, ingkang kedah “gayeng” menika sanes raganipun si MC awit ngagem busana ingkang mompyor utawi malah basanipun ingkang kebak tembung lekoh saengga njalari gumujengipun akathah, nanging sumeh lan grapyakipun, saengga saged njalari “sem”-ipun swasana.

Tidak ada komentar: