KUWAJIBAN BEKTI
Lana Sri Kaloka
Muji-sokur dhumateng Gusti ingkang Mahawelas-asih, dene kita tansah ginadhuh karahayon, mliginipun ing wulan Syawal taun menika. Tamtunipun, saben griya mindhak regeng-regu awit kulawarga kempal ing wiwitanipun wulan Syawal. Tamtu kemawon bingah raosing manah, tumrap para tiyang sepuh, awit para putra lan wayah sami sowan, caos sungkem.
Sungkem menika mujudaken setunggalipun tandha cihna bekti. Sampun samesthinipun, tiyang anem bekti dhumateng tiyang sepuh. Dene ingkang kalebet golonganipun tiyang ingkang winastan sepuh menika boten ngemungaken para simbah. Tumrapipun para putra, bapak lan ibu menika tiyang sepuh. Kuwajibanipun anak menika bekti dhumateng bapak lan ibu.
Menapa sebabipun dene bapak lan ibu kedah dipunbekteni? Kacetha ing serat Wulangreh (yasanipun Susuhunan Paku Buwana IV), pupuh Maskumambang pada sanga (9): //pramilane rama ibu denbekteni/ kinarya jalaran/ anane badan puniki/ wineruhken padhang hawa//. Boten kenging dipunselaki, mila leres, bilih inggih rama lan ibu ingkang dados lantaran tumitahipun manungsa ing alam donya. Wontenipun anak inggih saking wontenipun rama lan ibu, pramila wajib dipunpepundhi. Ing pada salajengipun, pada sedasa (10) langkung kawedharaken mekaten: //uripira pinter samubarang kardi/ saking ibu-rama/ ing batin saking Hyang Widdhi/ mulane wajib sinembah//.
Kejawi bekti dhumateng tiyang sepuh kekalih, kita ugi kadhawuhan bekti dhumateng marasepuh. Kenging menapa kedah bekti dhateng marasepuh? Dipunandharaken ing pada sewelas (11): //ya mulane maratuwa jalu estri/ pan wajib sinembah/ angsung kabungahan tuwin/ aweh rasa ingkang nyata//. Liripun, kita saged gesang sinandhing dening garwa kinasih, ayem-tentrem bagya-mulya, menika awit saking welas-asihipun marasepuh kekalih ingkang sampun lila-legawa maringaken putranipun minangka sisihan, lan sampun eklas nampi kita minangka putra-mantu. Pramila, marasepuh inggih kedah dipunbekteni kanthi tulus.
Wonten malih ingkang kedah dipunbekteni, inggih menika sedherek sepuh (kakang/ mbakyu). Kacetha ing pada kalihwelas (12) gatra tiga (3): /gegentining bapak benjing/. Tegesipun, ing benjing nalika tiyang sepuh sampun seda, inggih kakang utawi mbakyu ingkang dados sesulihipun. Pramila sedherek sepuh menika saestu kedah dipunbekteni ugi.
Kejawi menika, kita ugi kedah caos bekti dhumateng para guru, awit inggih para guru menika ingkang paring pitedah lan wewarah dhumateng kita minangka siswa-murid. Kacetha ing pada tigawelas (13): //kang atuduh marang sampurnaning urip/ tumekeng antaka/ madhangaken petenging ati/ anuduhken marga mulya//. Tiyang ingkang waunipun bodho malih dados pinter menika jalaran pikantuk wewurukipun para guru. Kanthi sangu ngelmu peparingipun guru, manungsa saged lumampah ing margi ingkang padhang saengga manggihaken gesang ingkang mulya ing donya dumugi ing akir.
Menawi sampun netepi wajib, bekti dhumateng rama lan ibu, marasepuh kekalih, sedherek sepuh kakung-putri, lan dhumateng para guru, inggih kedah dipunsampurnani kanthi saestu bekti-mituhu dhumateng Gusti sang Akarya jagat. Kacetha ing pada gangsalwelas (15): //kaping lima dununge sembah puniki/ mring Gusti kang Murba/ ing pati kalawan urip/ aweh sandhang lan pangan//. Tandha cihna bekti ing ngarsanipun Gusti menika inggih kedah kanthi tansah ngaturaken puji-panuwun lan saestu ngginakaken kanugrahan ingkang sampun tumanduk kangge bebakalan tapa ngrame, nandur amal suci.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar