Rabu, 15 Juli 2009

KEMBANG SETAMAN

MENYAN lan RATUS
Sindumurti


Racak ing upacara-upacara adat Jawi tansah wonten ubarampe menyan lan ratus. Nanging, bokmenawi inggih wonten ingkang dereng mangretos kados menapa wujudipun. Pramila, langkung prayogi samenika kula-wiwiti kanthi sekedhik suka gambaranipun. Menyan menika asalipun saking blendok (tlutuhipun wit) ingkang sampun garing. Mekatena inggih boten tlutuh sadhengah wit. Ngemungaken tlutuh saking wit-wit mligi, tuladhanipun wit Jaranan, werninipun kuning bening semu abrit.
Menyan ingkang asring dipun-ginakaken kangge kekutug (dipun-obong) ing acara-acara adat menika winastan menyan madu, werninipun pethak, ganda kukusipun boten nyegrak. Sebab asalipun saking tlutuh garing, pramila wujudipun inggih prongkolan kados dene sela, nanging gampil pecah/kepyar. Tur, mila kedah dipunremuk ngantos mawur nalika kangge kekutug.
Dene ingkang sinebut ratus menika rajangan kajeng Cendhanawangi. Ginanipun kangge campuran menyan minangka srana kekutug. Nalika kobong, tamtu kemawon angganda arum.
Jaman rumiyin taksih kathah tiyang estri ingkang ngukup/ngutugi rikmanipun, sasampunipun siram jamas, mawi menyan-ratus, amrih rikmanipun ngganda wangi. Menyan-ratus ugi dipun-ginakaken kangge ngukupi jarik. Boten wonten ancas saking pakulinan ngobong menyan-ratus menika kejawi namung kangge wewangen kemawon. Sebab, nalika remukan menyan lan ratus menika sinawuraken ing areng ingkang kobong mengangah, tamtu lajeng kumelus kumelun kukusipun, angganda wangi.
Emanipun, samenika kathah pamanggih ingkang nelakaken raos boten sarujuk dhateng pakulinan ngobong menyan-ratus menika. Kamangka, engga sepriki tetela tansaya ketingal wigatosipun wewangen minangka kabetahanipun tiyang ingkang gesang ing bebrayan. Kacihna, tansaya kathah jinisipun parfum (pengharum badan). Ugi tansaya kathah cacahipun produk pengharum ruangan. Tansaya kathah ingkang nglenggana wigatosipun aroma terapi. Mekaten ugi, tansaya ketingal wigatosipun produk-produk pengharum pakaian, boten ngemungaken kapur barus.
Lajen, menapa bedanipun menyan-ratus menawi katandhingaken kaliyan pengharum badan, pengharum pakaian, lan pengharum ruangan, menika? Ketingalipun, malah kepara langkung sae menyan-ratus ingkang cetha-cetha alami boten ngandhut bahan-bahan kimia. Nanging menawi menyan-ratus sinengguh minangka srana pangundangipun lelembut, kok parfum boten? Ing pundi tandha bedanipun?
Aneh! Kenging menapa ingkang caket (wonten gandheng-cenengipun) kaliyan adat Jawi, kaprahipun dinakwa boten nalar lan syirik? Kalebet menyan-ratus menika.
Nanging, kenging menapa dadak kula-suwunaken wangsulan dhumateng para-maos, nggih? Kenging menapa kula keraya-raya mbelani ginanipun menyan-ratus? Wong nyatanipun, langkung gampil tumbas parfum ing Mall tinimbang dadak pados menyan-ratus ing peken Beringharjo. Kenging menapa dadak mawi menyan-ratus? Jaman modern kok “isih ndesa”. Ah! Kula malah bingung. Sumangga kersa para-maos sowang-sowang. Nuwun.

Tidak ada komentar: