TIRAKAT AMRIH GAMPIL LURU SANDHANG-PANGAN
Listyana Sitaresmi
Sawetawis wekdal kepengker, kula nampi pisambatipun kanca. Piyambakipun taksih legan, dereng krama. Piyambakipun sampun nyambut-damel, sampun gadhah asil kangge nyekapi kabetahanipun piyambak ing saben dintenipun. Cekakipun, kanca-kula menika sampun mapan. Nanging, kala kepengker, nalika kepanggih kula, piyambakipun sambat, nyuwun dipunsukani kawruh bab tirakat cara Jawi amrih gangsar anggenipun makarya nyekapi kabetahan, mliginipun sandhang lan pangan.
Gandheng kula piyambak inggih boten gadhah kawruh bab tirakat lan sapiturutipun, pramila lajeng entha-entha kula-padosaken saking buku-buku waosan sakecandhakipun. Ngantos wusananipun, kula manggihaken kitab Primbon Betaljemur Adammakna yasanipun KPH Tjakraningrat. Ing setunggalipun bab salebetipun kitab primbon menika ngandharaken prekawis-prekawis ingkang kedah dipunlampahi dening sinten kemawon supados gampil anggenipun pados sandhang lan pangan.
Adhedhasar andharan ing kitab primbon menika, srananipun gampil ngupadi sandhang-pangan, ingkang sepisan, melek awit bangun tutug sirep wong. Kaping kalih, yen arep turu adus, tangi turu uga adus. Kaping tiga, ing wayah bengi ora kena nyapu jogan; ngebutake jarik; mbebuwang utawa sene ana ing omah, lan naker beras. Kaping sekawan, awan utawa bengi ora kena ketog-ketog wadhah, kayata cething, tenong, lan sapanunggalane. Lan ingkang pungkasan, yen tebah (nata) paturon ora kena awan.
Nalika katrangan ingkang sampun kasebut ing nginggil menika kula-andharaken dhateng kanca-kula, piyambakipun nelakaken raos boten pitados. Piyambakipun malah lajeng gumujeng lan ndakwa bilih nalar-kula sampun geseh, boten rasional. Estunipun boten namung kanca-kula setunggal menika ingkang badhe nelakaken pamanggih ingkang kados mekaten. Kula yakin, panjenengan sedaya ingkang sami maos inggih badhe menggalih mekaten. Sepisanan maos, kula piyambak inggih lajeng mbatin mekaten menika. Tirakat kok boten gayut kaliyan ancasipun! Uger wonten gayutipun kaliyan tembung Jawi kok mesthi tebih saking nalar!
Sinaosa mekaten, sareng kula-jingglengi kanthi saestu, sajakipun kula lan sinten kemawon ingkang sekawit nggadhahi pandakwa bilih andharan ing primbon menika tebih saking nalar, kedah nglenggana ing kalepatanipun. Cobi, mangga sesarengan njingglengi malih! Sarat “melek awit bangun tutug sirep wong” menika menapa boten saged dipuntegesi bilih kita kedah nyambut-damel (boten namung tilem kemawon) wiwit enjing ngantos sonten supados angsal asil? Sarat “yen arep utawa tangi turu (kudu) adus” menika menapa boten kenging dipuntegesi bilih kita kedah tansah ngedalaken kringet (makarya) supados angsal sandhang-pangan? Sarat “ing wayah bengi ora kena nyapu jogan” menika menapa boten saged dipuntegesi bilih kita kedah sregep? Awit, namung tiyang kesed ingkang boten kober nyapu jogan ing wanci enjing utawi siyang. Sarat “ora kena ketog-ketog cething utawa tenong (wadhah panganan)” menika menapa boten kenging dipuntegesi bilih kita kedah gemi? Awit, namung tiyang boros ingkang ngantos ketog-ketog, ngoreti turahan panganan. Sarat “ora kena tebah (nata) paturon wanci awan” menika (cetha) minangka pasemon supados kita kedah tansah mbudidaya (medal saking griya, boten namung ing senthong kemawon) amrih pikantuk pangupajiwa.
Wonten prayoginipun, sesarengan menggalih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar