Rabu, 15 Juli 2009

KEMBANG SETAMAN

MENDEM GANGSAL PREKAWIS
Lana Sri Kaloka


Uger wulan Pasa mekaten menika, kados meh wradin, sami, saben Polres utawi Polda nggelar acara ngobong VCD porno lan nggiles gendul-gendul miras ingkang cacahipun ngantos ewon. Sajakipun ritual menika sampun dados tradhisi taunan ingkang boten kenging tinilar. Sinaosa estunipun inggih panggah boten nyuda cacahipun tiyang, mliginipun lare nem-neman, para konsumen blue film lan minuman keras. Mekatena, inggih puluh-puluh, saged minangka sarana pemut dhumateng masyarakat, bilih “mendem” menika mila saestu tumindak ingkang badhe nuwuhaken kathah prekawis awon tumrapipun bebrayan.
Kenging menapa nonton film porno teka lajeng inggih kulawastani “mendem”, boten ngemungaken ngunjuk toya ingkang ngandhut alkohol kanthi takeran inggil kemawon? Sebab, kula ngginakaken landhesan pratelan ing Serat Sanasunu, anggitanipun R. Ng. Yasadipura II.
Ing pupuh Sinom I pada kaping kalihwelas (12), gatra setunggal (1) lan kalih (2) kacetha: //endem iku kawruhana/ limang prekara den-eling/. Saking andharan menika, tamtunipun ingkang winastan “mendem” menika boten namung jalaran kekathahan ngunjuk tuwak, arak, ciu, kidungan, lan sanesipun ingkang nunggal jinis. Awit, sampun kacetha bilih jebul ingkang winastan mendem menika kaperang dados gangsal (5) prekawis.
Ing gatra tiga (3) kaserat: /ingkang dhingin endem inuman/. Tegesipun, ingkang sepisan winastan mendem inggih jalaran saking unjukan arak lan sapanunggalanipun. Dene ing gatra enem (6) ngantos sanga (9) kaserat: /dene kaping kalihipun/ endeme wong nonoman/ tur abagus ingkang warni/ ing busana hiya nora kekurangan/. Menawi mekaten, jebul nem-neman ingkang ngugung anggenipun tansah ngadi sarira lan ngadi busana, saengga ngantos lirwa dhateng kuwajiban sanes ingkang langkung wigatos, menika inggih kalebet peranganipun tiyang ingkang mendem. Ceplosipun, sinaosa ajining raga menika gumantung saking anggenipun ngadi sarira lan busana, nanging inggih kedah samadya. Sampun ngantos mendem (boten emut dhateng pakaryan) jalaran ketungkul ing sangajengipun pengilon kemawon.
Taksih wonten ing pupuh ingkang sami, pada gangsalwelas (15), gatra enem (6) lan pitu (7) nelakaken: /dene kaping tiganipun/ endeming kawiryawan/. Tegesipun, kawontenaning gesang ingkang sarwi kacekapan wimbuh sinung drajad ingkang mukti-wibawa kajen-keringan menika inggih saged njalari mendem tumrapipun sinten kemawon ingkang kedunungan. Tamtunipun menawi kawiryanipun menika jebul malah nemahaken murka tanpa raos sokur dhateng peparingipun Gusti.
Dene mendem ingkang kaping sekawan, kasebat ing pada nemlas (16), gatra kaping nem (6), inggih menika: /endem saking hawa napsu/. Dene hawa napsu ing ngriki peprincenipun ing pada pitulas (17), gatra sepisan, inggih menika: //tarocoh amara tangan/. Jlentrehipun tamtu kemawon inggih watak panasbaran, getapan, cengkiling, lan remen misuhi asanes tanpa deduga. Kamangka tiyang sanes ingkang dipunpisuhi lan dipunpilara menika, dereng kantenan menapa lepat lan dosanipun.
Mendem ingkang kaping gangsal (5) utawi pungkasan, kacetha ing pada pitulas (17), gatra kaping wolu (8) lan sanga (9): /endeming suka-sukanting/ barang suka kang angliwati saking kat/. Dumugi ing ngriki, cetha bilih tumindak nuruti kemareman ingkang kelangkung menika jebul inggih kalebet mendem.
Prayoginipun, mangga sesarengan nyenyuwun, mugi-mugi awakipun piyambak tansah pinaringan awas, saengga boten ngantos mendem. Lan mugi-mugi kadang-kadang sanes ingkang bokbilih ing wekdal menika dereng mantun anggenipun mendem, awit mila saestu boten ngrumaosi menawi saweg mendem, enggal pinaringan emut. Sumangga.

Tidak ada komentar: