DEMOKRASI GAGRAG YOGYAKARTA
Sugito HS
Patang dina kepungkur, Rebo Wage, tanggal 8 Oktober 2008, Gubernur DIY, Sri Sultan Hamengku Buwana X nampa layang Keputusan Presiden minangka kekancingan menawa jabatan gubernur periode iki diwuwuhi telung taun. Kanthi layang iku Sri Sultan Hamengku Buwana X isih tetep dadi manggalaning provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Sajroning telung taun, kawiwitan saka wulan iki, diangkah Rancangan Undang-undang Keistimewaan tumrap DIY klakon rampung.
Eram. Prekara RUUK iki eram tenan. Wolung taun dirembug, tekan seprene durung rampung. Sajake pancen dudu prekara sing entheng. Ora kurang para winasis sing kedhapuk ngrembug prekara iki lan kasunyatane durung ngasilake. Ora kurang para ahli sing cancut taliwanda urun panemu amrih gamblange prekara iki lan engga saiki durung dadi wujude.
RUUK kanyata dudu mung dadi ewuhe para pangarsaning praja, nanging uga dadi pikirane para kawula. Akeh sing duwe penemu menawa wis wancine diadani pilkada kanthi milih langsung gubernur lan wakile kaya dene ing provinsi liyane. Ateges, sing pinrecaya minangka gubernur lan wakil gubernur ora kudu Sri Sultan lan Adipati Paku Alam. Ujare, ngono iku sing diarani demokrasi. Nanging uga ora kurang akeh sing duwe panemu yen ta DIY kudu dipimpin dening Sultan lan Paku Alam. Kacihna, nalika masyarakat padha unjuk rasa, akeh sing nggawa spanduk kanthi tulisan “Sultan gubernurku, Paku Alam wakil gubernurku”. Senajan mangkono, sajake ya ana sing mung luweh, ora idhep apa-apa. Embuh jalaran ora nyandhak nalare apa malah pancen wis ora preduli babar pisan, aku ora ngreti.
Suwe lan mbulete prekara RUUK iki, pepuntone njalari akeh sing nyuwun marang Sri Sultan supaya nggelar pisowanan ageng, senajan nganti seprene durung kinabulan. Saking dene preduline masyarakat, nganti dilabuhi padha nggelar maneka-werna ritual amrih padhange lelakon. Ana sing nglakoni tapa bisu mubeng beteng. Ana sing tumplek-bleg kumpul nggelar sidang rakyat. Ana sing nggelar mujahadah-an. Ana sing bola-bali ngadani diskusi lan seminar. Keistimewaan Yogyakarta dirembug ing endi-endi papan lan dadi headline ing sadhengah koran. Istimewa tenan.
Ora bisa diselaki, yen nonton pambudidayane, wong sa-Yogyakarta kaya-kaya wis gumolong tekade, mateng rembuge, ngajab supaya Sri Sultan lan Paku Alam tetep dadi pangarsane. Tetela rakyat sing omong dhewe, rakyat sing ngarepake, lan rakyat wis precaya.
Yen pancen demokrasi iku tegese kekuasaan di tangan rakyat, apa aspirasine rakyat Yogyakarta iki dudu manifestasi demokrasi? Sajake, para winasis ing bab ketatanegaraan kudu gelem nglenggana yen rakyat Yogyakarta jebul wis pinter. Yogyakarta wis demokratis banget! Jumenenge Sri Sultan minangka gubernur iku tetela dudu bukti isih anane monarkhi. Jumenenge Sri Sultan minangka gubernur iku panyuwune rakyat. Iki bukti anane demokrasi!
Senajan Sri Sultan Hamengku Buwana X pancen wis nate ngendika menawa ora kersa dadi gubernur maneh, ora ateges rakyat ora oleh nyuwun supaya Ngarsa Dalem kersa maneh. Senajan presiden Susilo Bambang Yudhoyono nate ngendika menawa penunjukan Sri Sultan minangka gubernur iku ora demokratis lan kudu ana pemilihan langsung sing calone ora ngemungake Sultan lan Paku Alam, amrih jejege demokrasi ing Indonesia, tetep kudu diakoni yen Yogyakarta pancen duwe demokrasi gagrag dhewe, ora padha karo liyane. Bokmenawa ya kaya ngene iki sing diarani demokrasi asli Jawa utawa asli Nuswantara.
Demokrasi gagrag Yogyakarta iki prelu dadi kawigatene para ahli/winasis. Senajan beda karo demokrasi sing kaprah ditrepake ing sadhengah papan, nanging nyatane demokrasi gagrag Yogyakarta iki luwih gawe tentreming kahanan. Ing endi-endi papan sing nggelar pilkada, ngentekake wragad milyaran, calone pirang-pirang, bareng ana siji sing kasil menang, jebule ndadekake gegeran. Beda karo DIY, tanpa dadak nganggo kampanye, tanpa dadak nganggo diulungi amplop isine dhuwit atusan, tanpa dadak nganggo pemilihan sing mboros-mborosi anggaran, rakyat wis golong-gilig nyawiji, mung Sri Sultan lan Paku Alam sing diprecaya lan disuwun dadi pemimpin. Apa karepe rakyat Yogyakarta iki kleru? Apa ngene iki ora kena disebut demokrasi? Apa demokrasi kudu kaya sing ana ing Amerika lan Eropa?
Ah, embuh! Sithik-sithik kok keblate mesthi kana-kana. Senengane kok tiru-tiru! Kamangka durung mesthi rahayu. Muga-muga aku ora katut kelangan keblat, eh, kakehan keblat.
Dimuat Jagat Jawa Harian Jogja, Minggu Pon, 12 Oktober 2008
1 komentar:
kedahipun makaten.....
Posting Komentar