Rabu, 15 Juli 2009

SAUR MANUK

1 SYAWAL lan WONG TUWA
Sugito HS


Endah banget swasana sarampunge sholat Idul Fitri. Sing rumangsa isih enom, embuh lanang embuh wadon, embuh gedhe embuh cilik, embuh sing wis omah-omah (duwe bojo lan momong anak) embuh sing isih legan (jaka utawa prawan) embuh sing malah wis dhudha utawa randha, sauger isih kepetung enom (durung keprenah tuwa) padha gumrudug sowan menyang daleme para sing diakoni keprenah tuwa, banjur mundhuk-mundhuk (yen prelu laku ndhodhok) anggone ndhayoh, uluk salam basane jangkep banget (ora kaya padatan), sungkem marikelu, matur alon (nganti meh ora keprungu), ndhadha kaluputane suwene setaun sing wis kelakon, yen prelu dadak nganggo netesake luh (sethithik). Swasana “kebaktian” sing nrenyuhake nanging uga nengsemake. Romantis banget katone. Puitis banget panoramane (miturut aku).
Tradhisi sungkem ing tanggal 1 Syawal iki sajake dudu mung duweke wong Jawa thok. Sajagat Nuswantara mbokmenawa padha. Pantese iki diarani Hari Orang Tua Sedunia. Sebab, sing ampuh ing dina iku mung para wong tuwa. Kamangka biyasane, ing dina-dina liyane, ora disubya-subya kaya mangkono. Ora istimewa blas! Upama kajen, kinurmat, utawa kinacek, ya ora pati-patia banget. Sebab jaman saiki malah luwih akeh cacahe wong tuwa sing uripe disiya-siya, embuh dening anak-turune dhewe sing kebacut duraka, utawa malah dening wong liya sing kebacut ora duwe deduga.
Iba bombong lan bungahe yen saben dina para wong tuwa iku ngrasakake urip kaya nalika tanggal 1 Syawal. Iba endah-becike yen para wong enom tansah bisa sungkem kaya nalika tanggal 1 Syawal.
Sing prelu dadi pitakonan, apa ya pancen bisa para wong tuwa iku netepi tuwane engga pantes saben dina entuk sungkem-bektine para anak-putu? Apa ya bisa para wong enom kae ajeg saben dina ndhadha kaluputane? Apa mesthi para wong tuwa iku ajeg bener? Apa mesthi para wong enom iku ajeg luput? Angel! Pitakonan sing angel utawa ora penting lan ora prelu dijawab.
Aku dadi kelingan ujare dhalang, suwargi Ki Hadi Sugito, ngenani prekara sesebutan tuwa. Ujare, tuwa iku ana telung (3) werna. Siji, diarani tuwa-tuwi tinuwi-tuwi. Tegese, wong sing kinajen. Wong sing kinajen iku bisa jalaran saka umure sing pancen tuwa tenan lan bisa uga satemene isih enom nanging sinampiran drajad lan pangkat saengga antuk kapitayane masyarakat.
Kapindho, diarani tuwa tuwuh. Tegese, wong sing dituwakake jalaran saka lantiping pikir utawa duwe kapinteran lan kawicaksanan. Wong tuwa tuwuh iku uga ora kudu tuwa umure. Senajan wong enom yen pancen darbe kapinteran lan kawicaksanan sing migunani tumrape masyarakat, mesthine bakal diarani tuwa.
Sing pungkasan, diarani tuwa tuwek. Tegese, wong sing pancen umure ora enom maneh nanging ora bisa nglungguhi jejere dadi wong tuwa (ora bisa kanggo panutan mungguhe tumindak becik tumrape anak-putu). Wong tuwa golongan iki uga kaprah diarani tuwa tuwas mung kari ampas.
Muga-muga wae, kasunyatane ing negara iki isih akeh wong tuwa tuwi, kajen-keringan sebab pancen pantes diajeni dening sapa wae. Muga-muga pra wong enom kae klebu golongane wong tuwa tuwuh, lantip pikire, migunani tumrap bangsane. Lan muga-muga ora ana wong tuwa sing mung tuwek, sing mung ngarep-ngarep metune cowek.

Dimuat Jagat Jawa Harian Jogja, Minggu Legi, 5 Oktober 2008

Tidak ada komentar: