MUDIK LEBARAN
Sugito HS
Mudik iku tegese mulih. Lebaran iku tegese wis rampung anggone pasa. Ngibadah pasa iku dilakoni ing wulan Ramadhan. Dadi, genahe, lebaran iku tibane ing wulan Syawal. Sebab, urutane, mentas wulan Ramadhan iku wulan Syawal. Ateges, mudik lebaran iku tembung gampange: mulih pinuju ing wulan Syawal.
Pratandhane mudik lebaran iku ing antarane, sepisan, wancine wulan Ramadhan tanggal tuwa. Kapindho, pasare rame dening wong blanja sandhangan anyar lan maneka werna camilan. Kaping telu, akeh wong ngijolake dhuwit receh ing bank. Kaping pat, tiket sepur ludhes diborong calo. Kaping lima, akeh wong nginep antri bis ing terminal. Kaping nem, para karyawan ora sabar nunggu THR. Kaping pitu, reregan sembako dadi mundhak. Ajeg saben taun ora ana bedane.
Mligi taun iki, isih ketambahan akeh wong tawuran, akeh wong pegatan, akeh wong demo (RUU Pornografi), akeh kecelakaan, akeh panganan kadaluwarsa, lan mesthine isih panggah akeh wong kecopetan. Rame banget pokoke.
Embuh apa istimewane, sing baku tradhisi mudik lebaran iku nyata istimewa. Sebab, sajake iki mung ana ing kene, negarane si Suta lan si Naya sing bojone padha dadi babu ing Arab Saudi. Embuh apa jalarane dene mung saprekara mulih wae dadi katon banget bedane. Sing maune jothakan, sanalika bisa rukun mung sebab tanpa diseja, padha-padha kena macet. Sing biasane ora nate nganggo klambi bathik lengen dawa merga ora kuwat nyawang bandrol regane, malih bisa salin klambi sedina pindho. Sing kulinane medhit-cethil kepati-pati, malih dadi loma keladuk royal. Sing senengane dolan ora nate ulihan, malih dadi wong omahan.
Anak lunga nyambut gawe ing paran gelem mulih ngendhangi wong tuwa ing desa mung merga lebaran. Anak duwe luput marang wong tuwa, gelem njaluk ngapura mung merga lebaran. Istimewa tenan. Bokmenawa iki merga saking dhuwure tingkat urbanisasi. Utawa iki malah efek globalisasi, utawa isasi-isasi liyane sing angel ditetehake nganggo ilat Jawa.
Aku dadi malah kelingan banget karo kandhane Pak Paidi, tukang parkir jalan Gejayan.
“Mudik iku eling, Mas. Eling marang sedulure. Eling marang kakang kawah adhi ari-ari sing dititipake marang bumi kelairan. Mudik iku kangen. Kangen marang tresna asihe ibu. Kangen marang sabar daranane bapak. Kangen marang wicaksana pituture simbah.” Ngono kuwi ujare Pak Paidi.
“Mudik iku bali, Mas. Bali menyang dalan sing wingi nalika lakumu wis nunjang-nunjang, mlumpat saka pager wewalere agama. Bali marang jatidhirine dhewe nalika wis rumangsa kelangan kapribaden.”
“Mudik iku ngrumangsani, Mas. Ngrumangsani yen awake dhewe iki diparingi rasa dening Gusti. Ngrumangsani yen sing diparingi rasa iku dudu mung awake dhewe. Ngrumangsani yen pancen wis tinakdir kudu duwe rasa-rumangsa. Wis wajibe rumangsa ora urip dhewe. Wis samesthine rumangsa butuh waspada.”
Lan saiki aku nyoba mbundheli omongane Pak Paidi sing malah luwih memper ngendikane kyai, dudu tukang parkir. Mudik iku mulih. Mulih iku eling. Eling iku kangen. Kangen iku bali. Bali iku rumangsa. Rumangsa yen wis suwe koncatan kawaspadan. Ateges, saiki wancine tumrap awake dhewe bebarengan mbudidaya supaya tansah waspada. Muga-muga kanthi eling lan waspada, ombyaking kahanan sing tansaya ora cetha iki ora keconggah njlungupake awake dhewe marang kaluputan, kapitunan, lan kanisthan. Amin.
Dimuat Jagat Jawa Harian Jogja, Minggu Wage, 28 September 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar