CUWA lan ISIN
Sugito HS
Seminggu iki rasane ora nyenengake tenan. Jalarane mangkene, wingi dhek dina Selasa aku sengaja dolan menyang omahe Mas Trimo, kanca kenthelku, ing Kulonprogo. Gandheng suwe ora ketemu, mula banjur taktaneg-tanegake tenan anggonku ndhayoh.
Tekan kana jam sewelas awan, ndilalah sing duwe omah lagi leyeh-leyeh ngaso ing omah ngarep. Sarampunge dibagekake mlebu omah, langsung disuguh omongan. Kojur, salahku dhewe ndhayoh wancine wulan pasa. Tiwas ngobrol nganti lambeku mumpluk, ya meksa ngaplo ora ana suguhan wedang saipit-ipita.
Yen mung ngampet ngelak wae ora sepiraa abote. Ana sing luwih ora mbetahi banget. Satengahe rembugan gayeng, Mas Trimo kedadak kandha, “Aku cuwa tenan kok, Git. Seprana-seprene persepakbolaan Indonesia kok kaya ora ana undhak-undhakane. Apa maneh suportere. Jan marakke gregeten. Wingi nonton suporter sing gegeran neng Sulawesi ora? Cuwa tenan, aku. Mung ngisin-ngisinke.”
Yen sampeyan cuwa, satemene aku luwih cuwa, Mas, batinku. Aku pancen ora seneng bal-balan. Dadi, dijak-a omong bal-balan ya mesthi ora gathuk. luwih becik rembugan liyane. Luwe-luwe kok ngrasani pokale supporter bal-balan. Tambah ngintir-intir.
“Ora beda karo insiden jotosane caleg wingi ya.” Mas Trimo wis ganti tema. “Calon wakil rakyat kok ora beda karo preman pasar. Isih lowung preman pasar, pol-pole mung duwe ijazah SMP. Bareng caleg sing jotosan wingi kae, rak cetha lulusan perguruan tinggi ta! Eman, pokale padha karo bocah sing ora mambu sekolahan. Aku cuwa, Git. Ngisin-ngisini organisasi, almamater, lan mirang-mirangke konstituen tenan kuwi.”
Asem. Wetengku saya perih bareng nyemak omongane Mas Trimo. Jujur, aku blas ora seneng ngomongake politik. Politik kuwi panganan apa? Panganan ora maregi. Luweh, batinku. Nanging isih durung rampung, sebab Mbak Wanti, bojone Mas Trimo ujug-ujug melu nimbrung.
“Oalah, Dhik Gito. Gek piye iki? Saben dina beritane mung marakke lara weteng. Endi sing kana padha dodolan daging bosok, daging glonggongan, daging sisa, lan sing aneh-aneh liyane. Sing kene malah diramekke berita perampokan. Wulan pasa ora ngakeh-akehi amale, kok malah mbongkoki dosa. Piye coba?” ngono walehe Mbak Wanti.
Wis ngreti yen njalari lara weteng kok ya malah isih diwadulake marang aku ta, Mbak, batinku.
“Sing melaske tenan, gara-gara andum zakat kok nganti gawe tiwase wong selikur. Sing wingi kae hlo. Berita tragedi pembagian zakat neng Pasuruan wingi kae. Kebangeten timen ya. Ketoke sing ngenes kuwi ora mung nasibe rakyat. Mental-e masyarakat wis katut ngenes, mental kere ya, Dhik.”
Embuh, Mbak. Aku malah dadi cuwa dolan mrene, batinku. Ora entuk seneng malah entuk seneb. Wong saomah kok critane ora ana sing ngenaki ati. Aku malah dadi cuwa. Kebacut gregeten, aku ndudut udud pisan. Ora idhep, waton taksumed, banjur taksedhot kebal-kebul. Kebacut cuwa kok.
“Eee, Om Gito nggak puasa ya. Sudah gedhe kok nggak puasa.” Ngreti-ngreti si Toni, anake Mas Trimo sing lagi kelas telu SD mecungul saka buriku. Wadhuh! Isin tenan. Wis kecuwan, isih ditambahi kisinan. Apes!
Dimuat Jagat Jawa Harian Jogja, Minggu Pahing, 21 September 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar