KUDU BETAH NGAMPET
Sugito HS
Kenang apa dadak kudu ana gula Rafinasi? Mesthine pitakonan iki bakal bisa diwangsuli dening para sing kawogan. Senajan ta bisa wae wangsulane ora kuwawa gawe marem tumrap awake dhewe, mligine para kadang tani tebu. Nanging, saora-orane bisa dadi landhesan tumrap awake dhewe kanggo miwiti rembugan sing sareh lan pepuntone pekoleh.
Kenang apa dadak kudu dhemo ngobong kebon tebu? Uga, kenang apa dadak kudu dhemo mbuwang gula turut dalan? Bokmenawa pitakonan iki rada angel diwangsuli. Sebab, mesthine uga rada kewuhan milih sapa sing paling cocog mangsuli.
Tanpa kudu ngarani dhemo anti gula Rafinasi iku bener utawa luput, sing genah tinemune mung tuna. Lire, petani tebu lan pabrik gula lokal pancen bakal tuna yen gula import iku klakon ngebaki sadhengah pasar kanthi rega sing luwih murah. Nanging, cetha bakal luwih tuna matikel-tikel yen dadak nganggo acara obong-obongan ngono kuwi mau. Apa maneh dadak nganggo atraksi mbuwangi gulane dhewe sadalan-dalan. Apa kira-kira pokal ngono kuwi wis dinalar tenan?
Isih tunggale, kenang apa dadak kudu ana pari Supertoy? Lan isih padha, mesthine pitakonan iki bakal bisa diwangsuli dening para sing kawogan. Senajan uga durung mesthi wangsulane mengko bisa nglegani atine sing padha takon. Mangkonoa, sepisan maneh, saora-orane mesthi bisa dadi pancadan kanggo rembugan sing luwih semeleh, sarwa sareh, engga pekoleh.
` Lan, kenang apa dadak kudu nganggo “upacara” ngobong pari? Sapa sing kira-kira saguh mangsuli, mesthi wae angel digoleki. Yakin! Sebab, wis cetha yen tumindak sing kaya ngono iku adoh saka muluring nalar lan weninge ati. Upama klakon ditakoni mbaka siji, anane mesthi mung tuding-tinuding, padha dene emoh ngakoni. Yakin!
Kok kebangeten timen ya awake dhewe iki. Wis kakehan pejabat sing kedanan bandha nganti dilabuhi wirang, korupsi kana-kene tanpa petungan. Wis kakehan politikus sing kedanan pangkat nganti dilabuhi tetawa saben dina lumantar iklan sing wragade ora etungan. Wis turah-turah sarjana sing pijer mburu aleman, jer ngethuprus ing sadhengah papan, nanging sungkan yen tumandang. Wis akeh banget wong sing pindhah profesi dadi bakul, apa-apa dadi dagangan, apa-apa diregani dhuwit, apa-apa diobral. Apa awake dhewe sing wiwit lair ceprot wis gubel lendhut ing sawah, srawung raket karo lemah, saiki wis ora sudi maneh nulad ambege Ibu Pretiwi sing tansah andhap-asor lembah manah?
Bokmenawa pancen wis kesuwen anggone padha ngampet. Nanging apa pancen saiki wis tekan wancine kanggo ngumbar karep? Apa dumeh para pendhuwur duwe pokal sakarepe dhewe, banjur awake dhewe kudu melu-melu manut udele dhewe-dhewe. Arep dadi apa iki?
Yakin, satemene isih akeh cara kanggo mbecikake kahanan. Isih akeh cara kanggo ngelingake sing padha nyimpang dalan. Isih akeh kanca sing bisa dijak tembayatan. Isih akeh sedulur sing bisa disambati lan gelem aweh pitulungan.
Yakin, bakal luwih adhem kahanane yen saya akeh sing saguh rembugan aris. Bakal luwih padhang prekarane yen diudhari srana muluring nalar. Bakal luwih gelis rampunge yen dikantheni meneb-weninge ati.
Dimuat Jagat Jawa Harian Jogja, Minggu Kliwon, 14 September 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar