Rabu, 15 Juli 2009

SAUR MANUK

ORA MUNG PELURU NYASAR
Sugito HS


Krungu berita ana bocah, siswa SMP Muhammadiyah IV Yogyakarta, kena mimis pistule polisi ing wektu kepungkur, mesthine panjenengan sing padha duwe anak banjur ngrasakake miris. Senajan ta, anake waras-wiris, dolanan ing omah, ora “ketlusuban” peluru nyasar. Selagine sing padha durung duwe momongan wae, contone aku, ya tetep was-sumelang kok. Sebab, tragedi mrucute mimis-mimis saka gamane aparat, nalika ngayahi pakaryan mbrastha kriminalitas, sing “kesasar” marang warga sipil, ora mung lagi pisan iki. Kepara wis makaping-kaping kedadene, lan wis ana kurban sing nganti nemahi tiwas. Tegese, rasa kuwatir yen liya dina kedadak jebul awake dhewe sing genti kampiran peluru, sing kesusu metu lan jebulane kleru sing dituju, kuwi mau ana lumrahe. Nanging, sajake kok ora prayoga yen awake dhewe banjur banget anggone ngluputake aparat kepolisian. Apa maneh yen banjur nganti tuwuh rasa gething-sengit ngigit-igit. Sebab, wong luput iku lumrah, sauger ora pijer luput. Ora saben pelurune polisi kae angger mencelat banjur nyasar kok. Tetep isih akeh sing titis tepat sasaran kok. Mung wae sing nyasar pancen ya kerep.
Semono uga bab putusan hakim Pengadilan Negeri Jombang, ngenani terdakwa pembunuh Asrori, sing kebacut midana Devid lan Imam Hambali, uga meh wae marang Sugik. Bareng saiki kebukten menawa sing mateni jebul Ryan, ateges ora mung ana crita peluru nyasar. Kepara malah ana putusan hakim sing uga “kesasar”, senajan saiki wis gamblang prekarane lan bisa mbalik dalane. Sepisan maneh, wong luput iku lumrah, sauger ora pendhak dina tansah luput. Hakim iku rak ya isih manungsa lumrah sing panganane sega beras. Aja nesu yen kadhang kala, hakim jebul ya sok salah. Lumrah.
Kedaden iki satemene malah bisa kanggo pepeling tumrap awake dhewe. Lire, ing jaman sing tansaya tuwa iki, sing katone tansaya akeh wong sing “kesasar”, prayogane awake dhewe padha mbudidaya supaya tansah ginadhuh “eling” lan “waspada” saengga slamet tekan “paran” sing tinuju. Apa maneh jaman saiki samubarange sarwa nganggo pilihan. Apa-apa kudu dipilih. Sing kudu dipilih ora mung winates loro. Rada ngewuhake.
Ganti presiden nganggo pilihan. Kamangka jagone pirang-pirang. Saben calon jor-joran gawe iklan, tiru-tiru kaya wong dodolan kosmetik. Kamangka iklane kabeh apik. Mesakake rakyat yen nganti sesuk tinemune jebul “kesasar” anggone milih jalaran melik iklan sing (dianggep) apik. Senajan wis klakon ana palu hakim sing nyasar, peluru polisi sing nyasar, photo lan video wakil rakyat sing nyasar, uga, sing paling anyar, ana isu aksi guru (Kepala Sekolah SMAN 2 Banguntapan) sing nyasar, apa ya bakal klakon ana coblosan (pemilu) sing nyasar. Upamane klakon ana, pantese taun ngarep Indonesia diwuwuhi gelar “negara paling kesasar”, kareben karuwan.
Senajan lagi ungsume akeh sing kesasar nyasar-nyasar, nunjang-nunjang ora liwat “dalan”, mesthine iku dudu pilihan. Mokal yen ana wong sing kepengin kesasar, senajan kasunyatane akeh sing seneng nyimpang dalan. Mangsa ana wong sing gelem perih-lara jalaran lakune nunjang-nunjang. Mangsa ana wong sing lila ngampet ngelak-luwe jalaran lakune kesasar-sasar. Mesthine ora ana. Iki mung godha. Mesthine kabeh pengin tansah eling lan pijer waspada. Aku yakin, kabeh dongane padha, tur cetha.

Dimuat Jagat Jawa Harian Jogja, Minggu Pon, 7 September 2008

Tidak ada komentar: