Rabu, 15 Juli 2009

SEKAR TENGAHAN

Sekar Tengahan Maesa Langit
DONGA MENGETI HUT YOGYAKARTA
Ki Sasmita


pangayubagya sun-aturke
mring tanggap-warsanipun
kitha Ngayogyakartadi
ingkang kaping kalih atus
punjul seket kalih taun

tansaha kuncara asmane
luhur ngungkuli gunung
jejeg adege nagari
tan oyag sarta mentelung
kenceng-mantheng kukuh-bakuh

bungah lan ayem kawulane
tur gesangipun makmur
pra pangarsa tindak adil
netepi tataning ukum
nulad lakuning pra luhung

sadaya sekung panembahe
konjuk Hyang Maha-agung
pakartine becik-becik
sanityasa guyub-rukun
datan kendhat muji-sokur

adhuh-adhuh iba bungahe
kalamun donganingsun
trus kinabulan sayekti
boya mung impen satuhu
ingkang pijer gawe kuwur

pramila kadang prayogane
bebarengan nyenyuwun
linambaran ati suci
mugi Gusti tansah kasdu
paring nugraha rahayu

Tidak ada komentar: