Sekar Tengahan Palugon
GEGADHANGAN
Nyi Sasmita
lagu palugon ginita
gatining srana pitutur
tinata tinrap ing lagon
dadya pandaming sedyayu
sagunging wong anom-anom
tumaneming reh kotaman
datan tuman tindak dudu
dumadine mring krahayon
temen mantep samubarang
dadya esthining panggayuh
nuhoni datan nyalemong
sanggem saguh kang sinanggup
rekasa datan rinaos
binudi kanthi sukeng tyas
yektine gampang lan ewuh
sampurnane yen linakon
tumindak adil sarasa
sasama samining idhup
tepa-slira dadya pandom
marma raos adil iku
pamareming sagunging wong
manungsa sajagat raya
rarase ingkang rinuruh
jejeging tindak tan dhoyong
ambeg welas lan katresnan
rukun sayuk golong guyup
pinusthi ing lair batos
kinandelan laku jujur
datan karya tunaning wong
sayuk rukun sabudaya
tresna mring kanca sadarum
bangkit bengkas kang bot-abot
setya tuhu mring wutah rah
tresna marang bangsanipun
dadya dhadhasaring batos
luhur-luhuring panggayuh
kang binudi sagunging wong
sungkem setyaning wutah rah
praja kalairanipun
iku wajibe paranom
Tidak ada komentar:
Posting Komentar