Rabu, 15 Juli 2009

SEKAR TENGAHAN

Sekar Tengahan Lonthang
MAPAG DINA FITRI
Ning Ayu Kusuma

tapa hayu
sajroning wulan ramadhan
angadhang rahmat Hyang Manon
pinayungan
karaharjan
pinaringan pangaksama

swara kalbu
ngreksa ratri klawan rina
sinawung donga lumakon
kinabulan
kanugrahan
saking sang Akarya Jagat

pinta iku
trus katur datanpa kendhat
mrih lunturing karahayon
nganti tekan
ari Raya
wus purna anggennya pasa

pindha kupu
mijil king enthung sanyata
mentas netepi lelakon
ganti warna
uler nyata
wadhage enthung kang tapa

dina iku
jugar tapane sampurna
tekan titi wanci tinon
dadya endah
warnanira
si kupu ngleledha netra

Tidak ada komentar: