Rabu, 15 Juli 2009

SEKAR TENGAHAN

Sekar Tengahan Balabak
GESANG BEBRAYAN
Ning Ayu Kusuma

wong ngaurip elinga marang sedulur
sebabe
sira tan bakal kuwat madeg priyangga
kodrate
saben dina rinaketan ing sasama
titahe

yen rumangsa kepama sabarang butuh
isthane
ratu gung kang tumitah ing ngarcapada
racake
ngegungke apa kang dadya darbekira
ambege

lamun kepanjingan mulya mukti luhur
becike
enget lara-lapane anggayuh karkat
yektine
mukti wibawa dumunung aneng rasa
batine

lamun ana kalanira tiba muwun
atine
aywa rumangsa tinitah tanpa rowang
banjure
ajrih sungkan jumangkah mecaki dalan
pesthine

sanyatane gesang ing bebrayan agung
wajibe
datan lirwa marang uriping sasama
gunane
bareng rerangkulan ngayahi pakaryan
darmane

Tidak ada komentar: