Sekar Tengahan Tebu Kasol
SYAWALAN
Sumaryono
sanggyaning manungsa satuhu
tinamtu akeh luput yekti
apura-ingapuran samya
weh aksami marang sasama
sedulur akur tangga makmur
kabeh nyumadulur mratani
wiwit cilik ageng sanyata
anom tuwa tan ana beda
kang adoh tansaya anglulut
teges cedhak sajuga rasa
balik kang cedhak saya cerak
manunggal rasa cipta karya
ngancik ing wulan Syawal iku
werdine tumuju mring luwih
bangkit sakabehing pakaryan
mundhak katimbang mangsa lawas
becik bebarengan memayu
amemangun mangulir budi
utamane iku den-puja
satemah tekan kang sinedya
aywa pisan lirwa ing wengku
wengkoning urip donya-akir
amrih ginolong wong piguna
kang eling waspadeng lampahnya
Tidak ada komentar:
Posting Komentar