Rabu, 15 Juli 2009

SEKAR TENGAHAN

Sekar Tengahan Wirangrong
NGLENGGANA DOSA
Sumaryono

kidung wingit panglenggana
kocap katur dadya lakon
rinesep rumasuk sakalangkung
bangkit mrebawani
laku-jantraning manungsa
mecaki lampahing gesang

niyat-ingsun asesuci
teges eling mring Hyang Manon
lumantar puja rinten lan dalu
lan laku utami
sinartan tumindak nyata
ngenaki sabarang karya

dhuh Gusti kang Maha-asih
lumunturna karahayon
mring titah-Paduka ingkang sampun
supe nering becik
lirwa mring urubing pandam
kelangan suhing pranatan

dhuh Gusti kang Mahasuci
hamba kang kebacut awon
nalisir saking laku rahayu
tan eling sagunging
dhendha ing donya-delahan
kang tikel awrat kasandhang

panyuwunku marang Gusti
ginadhuha rahmat onjo
kalis godha rencana reretu
antuk padhang pikir
tinuduhan dalan amba
tinuntun netepi darma

Tidak ada komentar: