SANGUNE LAKU
Sekar Macapat SINOM
Ki Sasmita
dhuh kadangku para mudha
pirengna piweling iki
dimen kena kanggo gaman
lakumu samargi-margi
amrih rubeda kalis
tansah pinanggih rahayu
lan katekaning sedya
datan kurang sandhang-bukti
urip mulya ayem-tentrem trus raharja
kang sepisan lamun arsa
miwiti tumandang kardi
salwiring pakaryanira
dipun-eling aywa lali
sawega ambundheli
ati kanthi niyat tulus
dedarma mring bebrayan
datan sineselan pamrih
pamrihe mung asung karya kang piguna
kang kapindho lamun manggya
ruwet lan bundheting pikir
enggala ngupadi tamba
mrih tan ambebuthek ati
satemah lali dhiri
sarwa wagu sarta saru
ing saparitindaknya
enggala den-usadani
kanthi minta urun rembuge pra kanca
sabacute kudu tansah
bungah nampani peparing
nadyan durung jumbuh klawan
sing dikarepaken ati
sebab yen dituruti
satemene ngugung nepsu
tan wurung ngambra-ambra
kufur mring nikmating Gusti
pepuntone pijer koncatan raharja
Tidak ada komentar:
Posting Komentar