MONOLOG SENGSEM
cathetan kanggo AA Yrma Mada
Sugito HS
"Bokmenawa sliramu pancen titisan Supraba,"
batinku ngalembana ngungun
"Iba begjane priya kang tinitisan Arjuna,"
batinku ngangseg, melik dadi
"Aku dudu ratuning widadari,"
ukara mesat saka sela-selaning lathimu,
tumama ing dhadha-kiwaku
"Sliramu titisaning widadari,"
bantahku sajroning ati
"Nanging, bokmenawa,
aku titisan putrining Hyang Indra, Mas,"
pratelamu canthas
"Adhuh,"
jelihku ing batin
"Yen ora Dewi Tara, ya Dewi Tari.
Pilih sing endi?"
ukaramu ngemu pitakon wadi
"Aja Dewi Tara. Aku ora kuwawa
lumawan Subali lan Sugriwa,"
batinku njola
"Kok ora diwangsuli, Mas?"
"Uga aja Dewi Tari.
Sebab, Rahwana iku kondhang sekti."
"Aku tetep manungsa lumrah kok, Mas"
"Sliramu dudu wanita lumrah, Nimas."
sabanjure tansah gumrunggung
kidung pangalembana
marang Putri turasing Brahmana
kang wus aweh cahya
pepadhang ing jiwaning Jaka Lelana
Jogja, Agustus, 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar