Kamis, 13 Agustus 2009

GEGURITAN

TEMBANG RASA JATI
Sugito HS

Sliramu kembang pethetan ngarep omah kang tansah
marbuk arum ing rina-wengine. Gandamu ngebaki salakuning angin,
hawa panguripan kang pijer mlebu-metu, gegojeg klawan nyawa,
sakukubaning jagat pramudita.

Sliramu bun parak esuk kang pijer gawe adhem lan tentrem
kanthi cahyamu kang wening, nemahake greget jroning rasa
mrih tetep puguh-santosa nyawang byar-padhang
klawan remeng-sureming urip.

Sliramu peksi kang tuhu mbiwarakake wahyaning rasa ginaib
kanthi swara endah, sumusup ing rahsa jati, karya suluh
pepetenging batin.

Sliramu sunaring baskara madyaning rahina nadyan panas
nanging mesthi aweh panguripan tumrap ati kang atis
lan kekes dening pedhut lelimengan sesandhangane lelakon,
warata ing pepajar.

Sliramu candhik ayu wayah sore ing luhuring gisik samodra:
pecah sarta gumuruhing ombak pepesthen kang nyungging tintrim,
miris, pepes, pupus, klawan sungkawaning driya kalah-kasor
kasilep edining warna lan cahya rerumpakaning mega.

Sliramu tetesing tirta angkasa pinuju surup-suminggahing surya:
tyas kang ngregemeng labet kinemulan ampak-ampak
sakala byak-sumilak kataman sih-wilasa
gadhuhaning Jawata.

Sliramu sitaresmi kang nedheng purnamasidi:
suka-gumbiraning wardaya durung sampurna lamun datanpa
nyawang kaelokaning ratri rinenggan sorot gumebyar
tejane widadari Kaendran.

Jogja, 2005

Tidak ada komentar: