DHINGKLIK DUDU KURSI
Sugito HS
kursi iki pancen penak kanggo lungguh
pan dadi rebutan
tombok nyawa ditekadi
rebut kursi ujare rebut kuwasa
Cah Bagus. Iki dhingklik. Dudu kursi.
Lan iki kursi. Beda karo dhingklik
Kulinakna lungguh ing dhingklik. Aja kekerepen lungguh ing kursi.
Pamrihe, supaya kowe ngreti ampuhe dhingklik; supaya kowe ngrasakke senenge dadi wong cilik.
Yen kowe lungguh ing dhingklik, ora bakal bisa sumendhe kaya dene nalika nglungguhi kursi.
Gegermu bakal lempeng, jejeg, lan santosa, mandireng pribadi.
Mula aja cingak yen biyen simbahmu, simbah buyutmu, simbah canggahmu, simbah warengmu, simbah udheg-udhegmu, simbah gantung siwurmu, kukuh-kukuh adege, ora miyar-miyur kaya bapakmu sing kekerepen lungguh ing kursi iki.
Cah Ayu.
Coba lungguha dhingklik kene.
Kowe bisa madhep ngidul, ngulon, ngalor, ngetan, sakarepmu dhewe, tanpa kudu ngowahi dhingklike.
Ora kaya nalika lungguh ing kursi kana kae.
Mula takprayogakke kowe milih lungguh ing dhingklik. Supaya atimu mardika lan gawe bungahe wong sakiwa-tengene.
Dhingklik iku sikile luwih cendhak lan ukurane luwih cilik tinimbang kursi. Mula ora bakal ana sing melik yen kowe entuk dhingklik. Nanging beda yen kowe entuk kursi. Sebab sapa-sapa padha meri pengin genti nglungguhi.
iki dhingklik ayo padha dilungguhi
tur aja rebutan
mundhak apa nglelarani
becik rukun bebarengan
Jogja, Juni 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar