WATAK SATRIYA
Lana Sri Kaloka
Asring kocap ing padintenan, tiyang gesang menika kedah gadhah watak satriya. Ugi asring kapireng, satriya menika kedah sirik netesaken luh. Menawi mekaten, menapa watak satriya menika inggih watak ingkang kiyat boten nangis? Lan, menapa nalika mripat-kula mbrebes mili awit saweg ngrajang brambang menika lajeng kecalan watak satriya? Watak satriya menika tegesipun kados pundi?
Ing jagating wayang, Arjuna menika satriya. Dursasana ugi katelah satriya. Pokokipun, uger anak-turunipun ratu menika tamtu satriya. Menapa inggih leres mekaten? Kamangka, para prajurit TNI menika ugi sinebat ”satriyaning nagari”. Para pahlawan ingkang sampun gugur ing palagan inggih dipun-arani ”satriyaning bangsa”. Sajakipun ing alam donya menika kekathahen tiyang ingkang sinampiran pangkat satriya. Lan, sepisan malih, kula-ambali, nuwun sewu, ’satriya’ menika tegesipun menapa?
Tamtunipun, para nimpuna ing kawruh basa badhe negesi ’satriya’ adhedhasar bausastra. Para filosof sampun gadhah teges piyambak tumrap tembung ’satriya’ menika. Lan kula badhe ngajak Panjenengan, nyobi negesi ’satriya’ mawi cara prasaja kemawon.
Ing serat Wulangreh, anggitan-Dalem Sinuwun Paku Buwana IV, pupuh Mijil, pada sepisan, gatra tiga ngantos enem, sampun kacetha: sira uga satriya arane/ kudu anteng jatmika ing budi/ ruruh sarwa wasis/ samubarangipun/. Adhedhasar andharan menika, jebul tiyang ingkang sinung pangkat satriya menika sinampiran kuwajiban. Ingkang sepisan, kedah jatmika budinipun. Kaping kalih, kedah ruruh. Kaping tiga, kedah sarwi wasis ing samubarang reh. Lan taksih wonten malih, ing pada kalih, gatra sepisan: sarta nedya prawira ing batin, ingkang tegesipun gadhah watak kendel.
Menawi mekaten, jebul estunipun, nggayuh drajad satriya menika gampil. Saratipun boten awrat. Sauger anteng (jatmika), luruh (ruruh), pinter (wasis), lan kendel (prawira), sampun ingaran satriya. Nanging, menapa inggih ’jatmika’ menika tegesipun namung mlaha ’ora kakehan polah’ mekaten kemawon? Menapa inggih ’ruruh’ menika cekap dipuntegesi ’ulat sing tumungkul’ mekaten kewala? Mekaten ugi tegesipun ’wasis’ lan ’kendel’?
Sinaosa kula estunipun dereng marem kaliyan gaduking nalar ingkang namung dumugi semanten, nanging kula boten badhe ngrekasa methentheng, meres pikir ngantos manggihaken teges ingkang satus persen leres.
Prasaja kemawon, kula badhe miwiti nggayuh drajad satriya kanthi lampah ingkang saestu prasaja. Kula badhe mbudidaya supados tansah jatmika (ngatos-atos ing tumindak kanthi nyuda pepenginan). Kula badhe mbudidaya supados tansah ruruh (ngatos-atos ing pasrawungan kanthi tatakramanipun basa). Kula badhe mbudidaya amrih saged wasis (remen mbantu asanes jumbuh kaliyan kasagedan). Kula badhe mbudidaya amrih tansah prawira (wantun nglenggana lan ndhadha kaluputan kula piyambak).
Bokmenawi, kanthi mekaten, gesang-kula sekedhik migunani tumrapipun asanes, sinaosa boten sinandhangan gelar satriya.
Jogja, 3 Agustus 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar