Sabtu, 05 September 2009

GEGURITAN

MEMUJI SETYA
marang Apriyanti

M. Ahmad Jalidu

Mbokmenawa ndungkap titiwanci
Sun-andheg tangis lan tidhamu, saiki

Kamulyan iku kringet lan tekad, wening nyawiji
Dudu karsane wuku lan betaljemur
Kabegjan iku kembange pambudi, wohing pepuji
Dudu pakeming trah-sambunge leluhur

Lan wektu
sanityasa mlayu
nembang setya kang lawas Sun-anggit
mbokmenawa pancen wus sinanggit

Sun-kanthi tanganmu
Sujud ngarsane Rama lan Ibu

Jogja, 2008

Tidak ada komentar: