Rabu, 07 Oktober 2009

TULADHA SESORAH

Tuladha Atur Panampi Sowanipun Panganten Sarimbit
(ing upacara Ngundhuh Mantu)

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Sinartan atur puji-sokur dhumateng Gusti sang Akarya Jagat awit saking lumintuning kanugrahan ingkang ginadhuh dhumateng kula lan panjenengan sedaya, kula ugi ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng kulawarga ageng saking Pacitan ingkang sami ambayangkare sowanipun penganten sarimbit ing griya ngriki, inggih ing dalemipun Bapak Mujiono, ing Samirono.
Tamtu kemawon kulawarga ing Samirono saestu bingah lan bombong dene panjenengan sedaya sampun kasdu pinarak rawuh ing griya ngriki kanthi ujub ngestreni upacara jangkepipun pawiwahan, nun inggih upacara ngundhuh mantu.
Pinangka sesulihipun Bapak Mujiono sagotrah, kula anampi kanthi suka-gumbiraning manah, sowanipun penganten kekalih, Sapto Sutrisno lan Rina Febi Pratiwi ingkang sampun sumene ing dalem Pacitan antawis tigang dinten. Sinaosa dereng jangkep sepasar (gangsal dinten) sampun kaundhuh mandhap dhateng Samirono, mugi kemawon boten andadosaken penggalihanipun Bapak Sumardi sabrayat. Awit mekaten, lare kekalih menika, inggih Sapta lan Rina, sinaosa ketingal kalih nanging estunipun sampun boten kenging winastan kalih, ngemungaken inggih namung setunggal lan tetela sampun manunggal ing talining akrami. Pramila, Sapto samenika boten namung putranipun Bpk. Mujiono lan Ibu Rubiyah, nanging ugi putranipun Bpk. Sumardi lan Ibu Sukini. Mekaten ugi kosokwangsulipun. Rina samenika boten namung putranipun Bpk. Sumardi lan Ibu Sukini, nanging ugi putranipun Bpk. Mujiono lan Ibu Rubiyah. Cethanipun, sampun ical sesebatan putra mantu awit saking tresnanipun tiyang sepuh kekalih dhumateng putra sarimbit.
Kula pitados bilih putra kekalih ugi sanget tresnanipun dhumateng tiyang sepuh sarimbit. Pramila, wonten ing pundi putra kekalih badhe mapan, duka ing Pacitan, duka ing Samirono, menika sampun boten kenging kangge titikan sepinten agengipun katresnaning putra dhumateng tiyang sepuh. Ingkang langkung wigatos, tamtu kemawon inggih ing pundi kemawon paran-tebaning putra kekalih, tansaha pinaringan cahya pitedahing Gusti saengga saged nglampahi gesang ing bebrayan agung kanthi wilujeng, nir ing sambekala: kalis ing rubeda; manggih rahayu; langgeng katresnane; sempulur rejekine; trah-tumerah anak-turune; migunani tumraping liyan.
Mekaten atur panampi kula pinangka sulihing atur Bapak Mujiono sabrayat. Wasana, mangan kupat duduhe santen: sekathahing lepat nyuwun pangapunten; menyang Samirono mampir warung omah ngarep: muga-muga Rina lan Sapto enggal pinaringan anak mbarep.
Nuwun,

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Tidak ada komentar: