SING PENTING SRAGAM?
Sugito HS
Mas Slamet, sedulurku sing omahe lor candhi Plaosan, wingi rada kagol. Jalarane sepele. Olehe njaitake surjan lurik durung dadi, mangka wis kliwat telung minggu. Jalarane nganti telung minggu durung dadi uga sepele, grejine (tukang jaite) nampa jaitan sragam sekolah nganti numpuk pirang-pirang. Jalarane nganti numpuk pirang-pirang uga sepele, sekolahan wis ora diidini adol sragam. Jalarane sekolahan ora diidini adol sragam uga sepele, sumelang yen dadi srana korupsine para guru. Mangka yen dipikir, jalarane para guru sok gelem slinthat-slinthut prekara dhuwit iku uga sepele, blanjane durung murwat.
Yen rumangsaku, wiwit biyen, simbah canggah, simbah buyut, tekan bapak lan ibu, anane ngudang anake-anake supaya dadi pegawe iku pancen dudu jalaran gedhene gaji kok. Nanging, luwih bombong nyawang sragame. Wong tuwa bakal seneng yen weruh anake nganggo sragam guru, banjur wong sadesa kompak ngundang anake kanthi sesebutan Pak Guru utawa Bu Guru. Semono uga, wong tuwa bungah yen nyawang anake nganggo sragam militer (tentara utawa polisi), senajan bayare dadi guru, tentara, lan polisi, iku durung mingsra tekan saiki. Wong tuwa nyicil ayem, sebab bakale, anak-anake sing dadi pegawe iku yen wis purnakarya, mesthi nampa pensiunan. Lan, sing penting sragam! Sebab, kanthi sragam sing tumemplek ing awak iku, sapa wae sing nganggo bakal kajen-keringan. Sepele ta? Wong Jawa iku pancen prasaja.
Ora maido, dayane sragam iku pancen gedhe. Biyen, jamane wong sa-Indonesia kudu sragam kuning (dudu sragame tukang sampah hlo!), negarane ayem. Bokmenawa, jalaran rumangsa padha, banjur ora ana sing sambat-nggresula. Anane mung nrima. Bareng saiki sragame neka-werna, polahe padha ora cetha.
Ora beda jamanku nalika isih SD. Sragame mung abang karo putih, kejaba dina jemuah lan setu, sragame Pramuka (soklat tuwa lan soklat enom). Nalika semana ya anteng-anteng. Eee..., bareng mlebu kuliah, dadi mahasiswa, ora ana aturan nganggo sragam, hla kok banjur wani aneh-aneh, dhemo, ngrusak apa-apa, pacaran, nginebake pacar, kepara turu bareng pacare. Bokmenawa iki jalaran ana lan orane sragam!
Sragam iku duwe daya. Sing maune clingus (isinan), bareng nganggo sragam, dadi kendel, lakune jejeg, omongane manteb. Sing awake kuru, bareng nganggo sragam militer, banjur rumangsa gagah. Sing satemene mlarat, bareng nganggo sragam karyawan (senajan mung sales), banjur rumangsa wis sukses. Sing mung lulusan SMA, bareng nganggo jas partai, banjur rumangsa wis intelek. Sing bodhone tikel pitulikur, bareng klakon nganggo jas almamater perguruan tinggi, bungahe ora jamak. Jebul kaya ngono iku dayane sragam tumrape sing duwe lan nganggo.
Mangkonoa, saiki sajake wis beda. Kanthi pawadan yen negara iki majemuk, multikultur, multi-etnis, lan multi sakabehane, sragam iku wis kelangan daya kanggo ngesuhi golong-gilige bangsa. Rakyat wis malih seneng yen ora dadak nganggo sragam. Masyarakat wis pinter nemtokake werna pilihane dhewe-dhewe, dijumbuhake karo werna kulite, watake, kemaremane, lan liya-liyane.
Ora bisa diluputake, seje sirah pancen seje pikirane, senajan rambute padha irenge. Seje papan, seje menungsane. Seje alas, seje tetuwuhan lan kewane. Semono uga, seje pengarep, seje sing dikarepake. Ing kene tinemune, sragam iku ora kudu padha. Sebab, sragam iku tandha. Tandha iku lawar, tanpa rasa, tanpa makna. Lan, kudu diwuwuri rasa, disampiri makna, supaya piguna. Kepara, sragam sajake wis ora penting, sauger awake dhewe gelem eling marang lajere ”bhineka tunggal ika tan hana dharma mangrwa”.
Lan, muga-muga, katresnan antarane Ryan (tersangka pembunuhan berantai) karo Noval, sing padha lanange iku, ora jalaran kepengin diarani sragam.
Jogja, 10 Agustus 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar