Sabtu, 05 September 2009

KOLOM SAUR MANUK,

TURAH WONG PINTER
Sugito HS


Durung ana seminggu wingi, aku ketemu karo Pak Wagimin, tukang blangkon lor Bugisan. Niyatku njupuk blangkon pesenanku. Tekan daleme, jebul ora mung oleh blangkon anyar poleng kumitir, kepara malah disuguh wedang teh lan udud. Awak kuwi yen lagi meneri begja, pancen ora kaya manungsa. Apa maneh dadi manungsa begja sing urip ing tanah Jawa. Saben ndhayoh, ing endi wae, embuh tepung-embuh durung, mesthi disuguh. Wong Jawa kuwi pancen elok!
”Blangkon menika udheng, Mas. Udheng menika mudheng utawi ngreti. Tegesipun, tiyang ingkang ngagem blangkon menika tiyang ingkang mudheng. Mudheng dhateng pakarti ingkang ala lan becik. Ngretos pundi ingkang leres lan pundi ingkang lepat,” ngono ngendikane Pak Wagimin karo ngulungake blangkon pesenanku.
Aku sidane bali mapan lungguh. Ora sida pamit bali. Sebab prekara blangkon, eh, mudheng utawa ora mudheng iki prelu kanggoku. Jalaran ngene, wektu saiki kuwi yen golek wong pinter, gampange ora jamak. Yakin! Wong pinter ing negara iki mblasah tur murah. Ora precaya? Coba, ayo saiki di-etung bareng!
Indonesia duwe wong sing pinter ngelongi dhuwit APBN. Cacahe pirang-pirang. Uga duwe wong sing pinter adol SDA marang manca. Duwe wong sing pinter adol TKI. Duwe wong sing pinter ngimpor beras ilegal. Duwe wong sing wasis mbabati alas. Ampuh ta!
Isih ana maneh. Negara iki isih duwe wong sing pinter ing bidhange dhewe-dhewe. Ana sing pinter nyogok pejabat. Ana sing pinter menyelundupkan sabhu-sabhu ing LP. Ana sing pinter ngrakit bom kanggo nyilakani wong akeh. Ana sing pinter mateni wong akeh nganti ora konangan. Ana sing pinter ngrusak stadion. Ana sing pinter ngremuk angkutan umum. Ana sing pinter mbobol bank. Ana sing pinter ngosak-asik toko emas. Ana sing pinter ngorek-orek tembok. Ana sing pinter gawe jamu palsu. Ana sing pinter gawe obat palsu. Ana sing pinter gawe dhuwit palsu.
Sing paling gress! Saiki malah tambah ana sing padha pinter gawe iklan. Ketua partai gawe iklan. Calon gubernur gawe iklan. Calon presiden gawe iklan. Tur iklane dawa-dawa. Hlo! Rak kacihna yen kejaba pinter, uga padha sugih ta! Kanyata kuwat ngragadi iklan sing durasine dawa kok. Ampuh ta! Sepisan maneh, awake dhewe iki pancen ampuh kok. Elok! Indonesia pancen negarane wong pinter!
”Nanging sampun langka ingkang mudheng, Mas.” ngono ngendikane Pak Wagimin nalika aku ngalem bangsa iki (bangsa sing kebak wong pinter).
”Sampun langka ingkang mudheng tegesipun tirakat. Boten mudheng werdinipun prihatin. Negara menika sugih sarjana, nanging mlarat sujana. Turah wong pinter, nanging kurang wong wicaksana. Padha pinter ulah nalar, nanging ora bisa ulah rasa. Sing ngatos-atos nggih, Mas. Wong pinter sing boten wicaksana bakale keblinger.”
Wadhuh! Muga-muga dongane Pak Wagimin ora kabul. Muga-muga para sarjana iku enggal mundhak drajade dadi sujana. Muga-muga. Amin.


Jogja, 3 Agustus 2008

Tidak ada komentar: