Selasa, 01 September 2009

SEKAR MACAPAT

KIDUNG SENGSEM
Sugito HS


M-armaningsun nganggit kidung
A-marga dhineseg kapti
R-asa tan bisa suwala
A-mung nuruti mring ati
N-alare semono uga
G-umolong dadi pakarti
(KINANTHI)

A-rsa blaka tur prasaja
N-iyat ngalembana putri
A-wit kasulistyanira
K-ang ngungkuli widadari
A-neng Kaendran puri
G-awe brangta jroning kalbu
U-pama aneng donya
N-ora mung ana sawiji
G-enah bungah manahing para jejaka
(SINOM)

Y-en ta dilalah pancen mung ana siji
R-ara kadya sira
M-aksih lowung awakmami
A-ntuk mitra sira Rara
(MASKUMAMBANG)

M-anis madu esemira memalatkung
A-rum gunemira
D-edegmu lencir ngrespati
A-nteng polatanira Musthikaning Rat
(POCUNG)

Jogja, 29 Agustus 2009

Tidak ada komentar: