MARANG PARA MUDHA
J. Respati
Sedulur
Sliramu tan beda Arjuna kang manjing wana
Senajan dudu Krendhawahana
Senajan tan ingadhang raseksa
Senajan ora nganggo bandayuda
Lan sliramu beda karo Arjuna, Sedulur
Sebab tan nganthi panakawan catur
Senajan ngindhit jemparing nyangking gandhewa
Senajan nggembol krenteg sedyatama
Lemah kang kokpidak iki ingaran kutha
Awan-bengi tansah padhang mawa cahya
Nanging abang kebak angkara
Uga kuning dening nistha
Kutha iku alas gawat kaliwat
Papane denawa kang sugih akal culika
Sliramu satriya tan beda Arjuna, Sedulur
Aja bandha nekad waton ngawur
Yen mung ijen tanpa rowang bakal ajur
Kanthinen Semarmu, Garengmu, Petrukmu, Bagongmu
Tulus jujur iku Pulanggenimu
Kawicaksanan iku Gandhewamu
Buntasing kawruh iku Pasopatimu
Kapcak ing Jagad Jawa, Harian Jogja, Minggu Wage, 15 Juni 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar