Minggu, 27 Juli 2008

GEGURITAN

Rebut Warna, Kelangan Gendera

Dening: Ratna Dewi


ana sing mangkel mentas kejungkel
dheleg-dheleg kebacut ambleg
lan
ana sing kekel munggah ndedel
ngadeg jejeg tanpa ndhredheg

ana sing sebel kelangan besel
muneg-muneg wetenge mbedhedheg
lan
ana sing kepingkel-pingkel nyekel besel
api-api budheg bablas tanpa mandheg
kana ana kene ana
ana-ana wae sing digawa
kana nggawa kene nggawa
sing digawa beda-beda
kana beda kene beda
beda sirah beda gendera
kana gendera kene gendera
bumiku kebak gendera
abang wis ora wani
putih wis ora suci

ing endi genderaku?
Abangku sing Wani
Putihku sing Suci
ing endi?

Yogyakarta, Juli 2008


(dimuat di Harian Jogja, Minggu Legi, 27 Juli 2008)

Tidak ada komentar: