Jumat, 24 Oktober 2008

CERITA CEKAK

Dewi
Tunjung Pratiwi

Kulite ora kuning nemu giring, ora mrusuh putih, ora ireng mangkak, nanging nyawo mateng. Dedege ora lencir, ora cendhek, cukupan, kira-kira satus sewidak telu senti meter, utawa sakupingku nalika ngadeg jejer. Awake ora lemu mbleneg, ora kuru lunglit, apik, jumbuh karo dhuwure, utawa yen wong Jawa ngarani, ngringin sungsang. Rambute ora ngembang bakung, ora kriting pating kruwel, lurus, dawane mung tekan pundhak turah sethithik. Bathuke ora nonong, nanging pancen semune amba, lan ana andheng-andhenge mepet pucuk alis sisih tengen, ora gedhe, nanging ketara. Alise kandel, katon durung nate dikerok pinggir ngisore. Idepe asli, ora dawa, lan ora pati-patia mlengkung tumenga ing tawang. Irunge ora mbangir, ora pesek, nanging apike mbethet, kaya cucuk manuk Bethet. Lambene ora tipis, ora kandel, ora abang, ora pucet, sing ndhuwur rada tipis, ngisore rada kandel, lan wernane werna gambir ora pati tuwa, tanpa pinulas apa-apa. Janggute nyigar, maksudku, kaya ana garise njlarit jejeg ing tengah, embuh apa kuwi arane. Gulune, pundhake, lengene, nganti tekan driji sikile, pilih ora takprinci memet, mundhak aku malah dadi meri lan melik marang ayune. Pokoke, dheweke bocah wadon, isih legan, umure watara rong puluhan, asale saka Ngadirojo Wonogiri, jenenge Dewi.
“Mbak Dewi nyang endi, Bu?” Ratri, anakku wadon, takon marang aku mau sore, nalika weruh aku nggoreng lawuh dhewe ing pawon. “Mbak Dewi mulih ta, Bu? Ana apa ta? Biyasane rak dina senen. Lagi dina kemis kok wis mulih.” Ratri mbateg wae pengin ngreti prekara ora katone Dewi sedina iki.
“Ayo adus dhisik kana. Takone mengko wae,” ngono wangsulanku marang Ratri. Sengaja ora gage takwangsuli pitakone bab Dewi, sebab durung ana ukara sing cocog kanggo kandha marang Ratri, lan ora samesthine yen aku kudu blaka.
Esuk mau, watara jam wolu, nalika lagi mancik jobin emper kantor, telepon seluler-ku muni. Pak Kasdi, tukang kebonku, ngabari menawa Dewi ngreti-ngreti tiba semaput nalika lagi mudhun saka angkutan mentas blanja menyang pasar. Aku pancen ora banjur mulih. Mung akon Pak Kasdi supaya Dewi enggal dipriksakake menyang Puskesmas.
Jam sewelas aku mulih, jebul omahku suwung. Dewi lan Pak Kasdi ora katon. Atiku krasa rada dheg-dhegan. Sumelang yen ana apa-apa. Nanging aku bingung. Arep telpon ya marang sapa? Sebab Pak Kasdi mesthi ora nggawa HP. Aku banjur bablas menyang Puskesmas, mesthine isih ana ing kana.
“Nggih, pancen wau dibeta mriki, Bu,” katrangane Mbak Yuli, dokter sing dhines ing puskesmas kono, nalika aku nakokake pasien sing jenenge Dewi. “Nanging sareng kulapriksa, prayoginipun Mbak Dewi kedah dirujuk dhateng griya sakit.” Manut kandhane Mbak Yuli, Dewi lara jantung lan mau banjur digawa menyang rumah sakit. Sawise telpon Mas Tanto, bojoku, supaya enggal mulih lan mampir methuk anake ing sekolahan, aku banjur njujug rumah sakit papane Dewi dirawat.
***
“Bu, Mbak Dewi kok durung balik mrene ta?” Ratri nakokake Dewi maneh. Lumrah yen anakku pijer nakokake Dewi. Sebab, wiwit umure Ratri isih rong taun tekan saiki wis kelas papat SD, saben esuk sing nyawisake banyu anget lan ngedusi ajeg Dewi. Sing ngeterake menyang sekolahan, wiwit isih ing play group nganti tekan saiki, ajeg Dewi. Mung kadhang kala aku utawa Mas Tanto kober methuk mulihe. Sarapan, sing mangsakake lan sing ndulang Ratri, ya Dewi. Yen dolan wayah sore, sing ngancani panggah Dewi. Mung pisan-pindho Ratri gelem dikancani Pak Kasdi, yen Dewi lagi repot banget ing buri utawa pinuju mulih menyang desa.
Aku lan Mas Tanto pancen kurang duwe kalodhangan kanggo momong Ratri. Aku nyambut gawe ing yayasan sing meksa pendhak pirang dina pisan ana dhines menyang njaban kutha. Kadhang kala malah kudu ora saba omah nganti seminggu. Mas Tanto, senajan ora nate lelungan adoh, nanging meh ajeg, mulihe saka kantor mesthi ngarepake srengenge angslup.
Ratri pancen kurang oleh kawigaten saka aku lan bapake. Malah Dewi, baturku, sing malih dadi kaya ibune. Lan Pak Kasdi, tukang kebonku sing malih kaya nggenteni Mas Tanto, bapake.
Saiki wis limang dina wiwit saka dina mlebune Dewi ing rumah sakit. Lan, mengko bengi iku jangkep telung dinane Dewi. Dewi bali ing alam kelanggengan rong dina kepungkur. Lan tekan saiki pancen Ratri durung ngreti. Sebab aku durung oleh ukara sing tak-anggep becik kanggo mblakakake marang Ratri, anakku.
***
“Suwargi Dewi niku estunipun sampun dangu anggenipun ngampet sakit hlo, Bu,” ature Pak Kasdi marang aku. “Tiyang sepuhipun sampun pegatan kalih taun kepengker. Sawah lan kebone mpun telas disade bapake. Lajeng kangge rabi malih angsal randha tangga desa. Ibunipun lara-laranen. Kamangka, adhine tiga, taksih sekolah sedaya. Lan ragad saben-dintenipun namung gumantung dhateng asilipun Dewi. Mila piyambakipun mesthi mantuk pendhak kalih minggu. Saben mantuk, artane nika mung telas kangge nyaur utang teng tangga-tanggane. Niku dereng sing kangge ngragadi mriksakke ibune pendhak teng rumah sakit. Saking judhege, asring sanget si Dewi menika, yen dalu ngaten, pijer nangis mawon. Hla, sing murugaken saya mikir malih niku, kalih minggu kepengker, Dewi angsal kabar yen pacangane sing riyin nyambut-damel ten Jakarta, jebul mpun mantuk mbeta anak-bojo. Kamangka, mpun wongsal-wangsul dilamar lare kakung, piyambake puguh boten purun. Cobi, napa boten ngenes yen ngaten niku?”
Oalah, Dewi. Kok melas timen lelakonmu. Ewa dene, selawase ing kene, kok durung nate aku krungu sambatmu. Saweruhku, kowe pijer gawe senenge Ratri, gawe maremku, lan mesthine melu gawe ayeme kluwargaku. Sangertiku, kowe tansah bungah, ora nate katon sedhih, ora nate katon lungkrah, lan durung nate duwe crita gela. Kowe sing tansah di-alem ayu lan dibebeda jaka-jaka saben nyapu latar ngarep omahku. Kowe sing ajeg digunggung sregep dening Mas Tanto. Kowe sing….”
“Bu, aku kangen Mbak Dewi,” sambate Ratri karo ngamplok gegerku lan prembik-prembik kumudu nangis.
Sesuk wis patangpuluh dina geblage Dewi. Lan, ora mung anakku sing kangen. Aku uga kangen. Aku meri marang ayumu, Dewi. ***

1 komentar:

Firdaus Effendy mengatakan...

ceritanya sangat menyentuh