Kamis, 09 Juli 2009

ARTIKEL

NULIS CRITA CEKAK KUWI KAPRIYE?

Dhanu Priyo Prabowo


1.Tema
Dalane nulis crita cekak akeh banget, nanging sing paling gampang, diwiwiti kanthi nggagas bab tema. Tema asring disebut pokok bahasan utama. Ananging, kang dikarepake ing ukara kasebut ora mung kaya mangkono. Tegese, tema ora dumadakan (ujuk-ujuk) anane, sing siap dijupuk sawayah-wayah dening pengarang crita cekak. Tema kudu disusun, dicipta, lan dirumusake. Banjur, bahan sing kaya apa sing bisa dirumusake lan kapriye carane?
Sepisan, wong sing arep nulis crita cekak disuwun kersaa mbukak pancandriyane: pandelenge, pangrungone, panggrayange, pangambone, lan pangrasane. Ing kene ana tuladha asiling pambukane pancandriya sawijining pengarang.

(1) Tau kedadeyan sawijining pembajakan pesawat DC 8 duweke maskapai penerbangan Japan Airlanes (JAL), Pesawat kang lagi ngayahi mabur saka Bombay tumuju Bangkok, dibajak dening gerombolan Tentara Merah Jepang, lan dipeksa ndharat ing Daka, Bangladesh. Dirjen Perhubungan Udara R.I. Marsda TNI Kardono sekaliyan kang numpak pesawat iku uga katut kabajak.
(2) Mbeberake pengalamane nalika dadi sandra Dirjen Perhud nyritakake manawa wektu disandra iku sepisan kang dipenggalih mung kulawarga ing dalem. Mula sepisanan kang tindakake yaiku mbudidaya kanggo mbebasake garwane saka tangan pembajak. Sawatara ngulir budi dumadakan kelingan pengalamane nalika isih dadi siswa penerbang ing Amerika Serikat sawatara taun kepungkur. Pak Kardono nuli njupuk dhuwit logam terus ibut ngeroki garwane, kanthi tanpa dingerteni karo pembajak lan penumpang liyane. Wasana marang Dr. Ohira (salah sawijining sandra), Pak Kardono nglapurake manawa bojone lara. Laporan diterusake marang para pembajak menawa salah sawijining sandra nandhang lara kolera. Tanpa ditliti maneh, para pembajak terus mbebasake Ibu Kardono.
(3) Idhe kerokan mau tuwuh saka Pak Kardono nalika panjenengane kengetan wektu kedadeyan kang unik sing dialami dening siswa penerbang TNI AU nalika melu pendidikan penerbang ana ing Amerika Serikat.
(4) Siswa penerbang Suyitno Sukirno (tilas Dubes RI ing Australia) masuk angin njaluk dikeroki karo kancane siswa penerbang Dasiyo (Kolonel Penerbang). Tilas Kerokan sing wujude glaler-glaler abang iku diweruhi dening sawijining dhokter Amerika. Pak Suyitno wusana dipanggil lan dipriksa, “There is a blood under your skin”, celathune. Dhokter mau banjur niti priksa kang tliti, nanging ora nemokake “gejala” lelalara, kejaba mung masuk angin bae. Tetela dhokter Amerika mau ora ngerti manawa glaler-glaler abang mirih-mirih iku kasil kerokan kang wis dadi obat tradhisional wong Jawa (Angkasa)

(“Kerokan Kang Ngemu Crita”, Mekar Sari, No. 21, 1 Januari 1979).

Tulisan kasebut apa bisa disebut crita cekak? Yen disawang saka wujude, tulisan kasebut dudu crita cekak, nanging pawarta. Pancen, yen disawang saka judhule--“Kerokan Kang Ngemu Crita”--wis apik lan memper kaya judhule crita cekak. Nanging, yen dijingglengi isine, babar pisan ora bisa disebut crita cekak. Jalarane, ing tulisan kasebut durung ana surasane rasa pangrasa. Amrih ana surasane rasa pangrasa, mula tulisan mau kudu disartani dening imajinasi (pangentha-entha). Kejaba kuwi, prakara sing diandharake isih ngrembug bab sing umum, durung pribadi. Kamangka, crita cekak iku, sipate pribadi banget. Mula kudu diowahi. Upamane paragraf (1):
Tau kedadeyan sawijining pembajakan pewat DC 8 duweke maskapai penerbangan Japan Airlanes (JAL), Pesawat kang lagi ngayahi mabur saka Bombay tumuju Bangkok, dibajak dening gerombolan Tentara Merah Jepang, lan dipeksa ndharat ing Daka, Bangladesh. Dirjen Perhubungan Udara R.I. Marsda TNI Kardono sekaliyan kang numpak pesawat iku uga katut kabajak.

Paragraf mau diowahi didhasari dening surasane rasa pangrasa. Carane: sawuse mripat ngawuningani kedadeyan (pembajakan ing motor mabur mau), mripat banjur ngirim kedadeyan mau marang pikiran, sing wusanane banjur ngothak-athik lan mbiji (menganalisis). Bubar kuwi, rasa-pangrasane banjur diuripake kanggo ngrasakake (sing dikarepake ngrasak-ake, yaiku sinambunge apa sing disawang mripat karo pengalamane pribadi). Sawuse rasa-pangrasane melu ngrasakake fenomena kasebut, banjur tuwuh pangentha-entha. Sawuse pangentha-entha (imajinasi) tuwuh, banjur pengarang nguripake paragane, upamane nganggo paraga aku (Dirjen Perhubungan Udara R.I. Marsda TNI Kardono diganti paraga aku):
Awan kuwi, aku babar pisan ora duwe pikiran yen bakal nemahi prakara kang nggegirisi. Bandara Internasional Daka, Banglades, katon sibuk. Nalika DC 8 arep nggegana, kahanan ing motor mabur duweke maskapai penerbangan Japan Airlanes (JAL) iku ora ana tandha-tandha sing ngutha-watiri. Kabeh adhem ayem. Luwih-luwih AC ing sajrone motor mabur mau krasa banget tumempel ing kulit. Aku ora duwe panggraita apa-apa. Nanging, sakala kahanan malik grembyang nalika para penumpang padha pating jlerit keweden.
“Pesawat wis dakkuwasani! Para penumpang kudu manut aturanku, aturane Tentara Merah!” panyentake sora sawenehe pembajak, bisa uga pengarepe, karo ngatonake pistule. Bubar kuwi, pating pecicil ngadeg saka kursi mburi, ngarep, lan tengah para pembajak sinambi ngacungake bedhil lan pistul.
“Pesawat ora bisa nutugake laku menyang Bangkok sadurunge tuntutan Tentara Merah diwujudake! Kita mandheg ing Daka!” sepisan maneh pangerep teroris iku ngucap sora.
Aku tanggap. Motor mabur wis dibajak dening teroris saka Jepang. Aku ngerti saka ngendi asale Tentara Merah kuwi. Pancen ana wong-wong kecuwan ing Jepang sing banjur madeg dadi kelompok teroris. Nanging sing dadi pitakonane atiku, kenangapa teroris-teroris iku mbajak pesawat jalur Bombay—Bangkok? Apa amarga penjagaan ing Bandhara Daka ora ketat?
Embuh! Aku durung bisa mikir! Sing dakpikir sisihanku, bojoku. Dheweke katon banget anggone keweden. Keweden kaya dene penumpang-penumpang liyane. Mula aku banjur nggagas lan golek cara mungguh kapriye carane bojoku bisa luwar saka kahanan iki.
Pikiran dakulir. Ing satengahe kahanan tegang lan medeni iku, aku banjur kelingan karo Suyitno, siswa penerbang nalika sinau ing Amerika. Dheweke tau masuk angin lan njaluk dikeroki dening Dasiyo, kancane. Panjaluk mau banjur dileksanani dening Dasiyo. Awake Suyitno dadi glaler-glaler abang. Nanging, glaler-glaler mau malah ndadekake cubriya sawijining dhokter ing sekolahan mau. Si dhokter banjur nimbali Suyitno. Takon apa Suyino lara. Diterangake dening Suyitno menawa ora lara. Dhokter panggah ora percaya.
“There is a blood under your skin,” celathune si Dhokter.
“Dudu. Iki amarga aku dikeroki.” panjawabe Suyitno.
Sawuse diterangake kanthi jlentreh dening Suyitno, si Dhoker lagi mangerteni glaler-glaler ing awake Suyitno.
“Oh, dadi kuwi usada tradhisional Jawa, ta? Pangapurane sing gedhe ya, Mas Yitno! Daksengguh iku kolera.”
Prakarane Suyitno lan Dhokter Amerika sakala dadi idhe apik tumrapku. Rerikatan aku mbukaki tase bojoku.
“Panjenengan arep apa, Mas? Aja tumindak sing nganeh-anehi murih para pembajak ora tumindak ngawur.” pitakone bojoku sinambi ngawasake kiwa tengen pendirangan.
“Minyak angin. Minyak angine endi, Bu?”
Bojoku nuli ngetokake barang sing dakgoleki saka tase. Diwenehake aku.
“Bukaken klambimu sing mburi. Kene dakkeroki.” pakonku glenikan.
“Aku ora masuk angin, Pak!”
“Wus menenga dhisik.”
Karo rada dakpeksa, pungkasane bojoku manut. Madhep ing cendhela motor mabur—aku lan bojoku pancen lungguh ing sacedhake cendhela—nyonyahku banjur dakkeroki. Awake dadi rada glaler-glaler abang. Tujune tumindakku mau ora dicbriyani dening penumpang liyane. Pembajake dhewe ora ana sing ngerti.
“Mengko, yen sliramu dikongkon mudhun manuta bae, ya?!” celathuku isih bisik-bisik.
“Kersane piye ta, Mas? Bubar dikeroki kok banjur dikong-kon mudhun?”
“Iki kanggo kabecikanmu. Aja mikir aku.”
Wusanane nyonyahku mung manut. Aku tumuli marani dr. Ohira, sawijining dhoker bangsa Jepang sing uga melu dadi sandra. Dheweke lungguh ing sebrang kiwa lungguhku. Aku pancen wus tepung karo dheweke. Dhokter sing mandhegani sawijining kantor pemerintahan ing negara Jepang.
“He, kowe arep menyang ngendi?” pitakone sawijining pembajak karo nyeraki aku.
“Aku arep kandha marang dr. Ohira. Kancaku.”
Pembajak mau nyedhaki aku. Aku banjur ngandhakake menawa bojoku lara. Larane aneh. Dhokter Jepang mau marani lungguhe bojoku. Sawise kapriksa sauntara, dr. Ohira sajak kaget. Pungkasane kandha marang pembajak ing sacedhakku:
“Wong wedok iki kena penyakit kolera!”
Pembajak sing tansah ngawal aku lan dhokter Ohira njom-bla saking kagete. Age-age marani pengarepe. Pengarepe teka marani aku lan dr. Ohira.
“Bener yen wong wadon iku kena kolera?”
“Sajake mangkono.”
Krungu katerangan mangkono, pengarepe pembajak tumuli prentah marang andhahane supaya ngundhunake nyo-nyahku. Dheweke balik keweden yen ketularan virus kolera.
Atiku lega banget. Bojoku bisa uwal saka lelakon sing nggegirisi iku. Sateruse, aku mung nunggu perkembangane lelakon.

Sawuse kita padha nyemak owah-owahan kasebut, krasa banget yen ana bedane antara siji lan liyane. Ing perangan sing kapisan, isih awujud pawarta; dene ing perangan kapindho wus awujud crita cekak amarga ing kono wus ana imajinasi lan sipat sing pribadi (ditulis dening pengarang). Kejaba kuwi, sing penting, wis ana (1) paragane utawa tokohe (aku); (2) latar tempat (motor mabur DC 8 JAL); (3) latar waktu (awan); (4) kasus (wong Jepang sing kecuwan banjur madeg dadi teroris); (5) konflik (penumpang padha pating jlerit keweden); lan (6) perumitan (pitakonan kenangapa JAL jurusan Bombay—Bangkok sing dibajak).
Adhedasar tuladha sing prasaja kasebut, kita bisa gawe dudutan menawa nulis crita cekak iku kawiwitan saka tema. Lan, iku, miturut panemuku, sing paling gampang. Kejaba iku, sawijining pengarang crita cekak kudu duwe (lan perlu) kawruh tambahan, upamane: (1) bab terorisme; (2) bab klompok-klompok teroris (ing kene mligine kelompok teroris Kelompok Tentara Merah Jepang); (3) bab jagading perusahaan penerbangan; (4) bab kawruh kajiwan (psikologi: kepriye gambarane wong keweden iku); (5) srategi (piye bisa maeka teroris, upamane); (6) penyakit (upamane kolera), lsp.
Bab-bab kasebut kudu disiapake kanthi mateng lumantar panjinggleng sing tarwaca. Pengarang crita cekak iku sawijining pengamat lan juru cathet sing mirunggan. Kejaba iku, pengarang, arep nulis apa wae, prelu duwe dhata-dhata rujukan sing cukup (upamane: buku, kliping majalah/koran, utawa lumantar internet), sregep takon, gelem ngrungokake, lan andhap asor. Pangangkah kaya mangkono iku mengku pangajab amrih sing maos critane bisa yakin critane bisa katampa tinampa nalar, jalaran crita cekak (sing wujude gancaran) mbutuhake unsur-unsur sing rinci lan lengkap. Unsur-unsur kaya mangkono mau dibutuhake dening crita cekak amarga crita cekak iku satemene sawijining kahananing jagad sing wutuh lan nduweni logika unik: kahananing jagad anggitane pengarang!

2. Cara Nulis Gegambaran
Nulis cerita cekak iku uga butuh kaprigelan carane nulis gegambaran (teknik penyajian lukisan). Dene carane, paling ora, ana telu, yaiku (1) gegambaran apa anane (realistis), (2) gegambaran karikatural (nggedhek-nggedhekake utawa bangetake prakara sing digambarake tundhone gambar-an manungsa, kewan, alam, omah, lsp katon kebangeten (ekstrim); (3) gambaran surealistis (gembaran sing ora bisa dipisahake antarane penga-laman nyata lan pangimpen). Upamane, panjenengan tindak-tindak menyang Museum Sangiran, Sragen. Ing kono panjenengan mirsani sawehing jrang-kong manusia purba sing sarwa gedhe yen katandhingake karo jrangkonging manungsa saiki. Amarga kepengin ngerti kahanane manusia purba, panjenengan banjur lumebu ing alaming manusia purba mau, banjur padha omong-omongan, lsp.

2.Struktur lan Tekstur
Satemene, crita (cekak) iku wewangunan saka asiling pamikire manungsa. Wewangunan mau kasebut struktur. Struktur katon ing su-sunaning alur. Alur nggambarake sinambunge lelakon/kedadeyan sing asipat integratif lan wutuh. Kanggo mbangun struktur, unsur-unsure (perang-perangane) siji lan sijine kudu padha sangkul sinangkul, bisa kanthi cara sing salaras utawa kanthi cara sing kosok-balen (kontradhiksi). Upamane, ana awan ana bengi. Awan iku kosok-balene bengi, tanpa bengi kita ora bakal paham bengi. Sawenehing pawongan tresna banget marang manuk kutut, dheweke mikat manuk kutut mau banjur kalebokake ing kurungan: wose, dheweke ora tresna marang manuk kutut jalaran wus ngilangake kebebasane si manuk mau. Pancen ing sajroning panguripane manungsa ana kosok-balen (kontradiksi): katresnan lan kawengisan.
Sakehing lelakon kang sinandhang dening manungsa sajroning urip ing bebrayan agung, kayata: katresnan, sengit, pengarep-arep, apes, semp-lah, sengit, kangen, kesingikir, lsp. minangka underaning prakara sing ngobahake pengarang anggone nulis crita. Bab-bab kasebut tumus ing lan maujud dadi teksture. Teksture, yaiku rerangkening dialog lan narasi. Banjur kepriye babare? Ing Ngisor iki tuladhane.

RUWETE BENANG TENUN.

Matasan metu saka Toko Harapan, ulate suntrut. Atine ngontog-ontog. Anyel! Barang wis ana ing tangane, mrucut. Mrucut marga saka pokale dhewe. Sapa sing ora gela? Giwange iku wae kira-kira mbejaji wolung ewu! Dene arlojine, ya sanajan Ancre kuna, yen mung golek bathen limangatus wae mesthi bisa! Hm. Ah, ya dudu rejekine ayake! "Apaa, se, mau ndadak omong-omongan mbarek adhine Salam barang?! Arek wedok kaya ngono-e akeh tunggale!” Greneng-greneng nggrundeli pokale dhewe sing marahi apes.
“Cak Mat! Lo, yok apa kabare awak pena, Cak?! Ngungkluk ae, ka endi iku mau?” keprungu swarane wong nyapa dheweke.
Matasan mandheg, ora sida nyengklak ducatine.
“Luk, Riduuuwan! La apa kon ndhuk kono iku, Wan?” wangsulane Matasan lali anyele sakala.
“Telek rejeki, Cak! Uwong dagang yen ndhuk pasar-pasar ngene iki ya telek rejeki, Cak! Mongsok lali abene, tah?! La awak pena iku la apa katoke kok anclum ngono?!”
“Rejeki mrocut, kon iku ndhak ngrasakna botuhe uwong, Wan!”
“Apaa se?”
“Giwang iku, lo! Giwang mbarek arloji! Ana wong botuh iki mau, kaji katene molih ndhuk Medura botuh dhuwik. Dakjopukna dhuwik molih, ndadakna barange diwenehna mbarek wong liya!”
“Lo, la semayane yok apa pena mau, lo, Cak?”
“Salahku pancene, Wan. Mesthine jam loro aku ndhuk Toko Harapan kono, bayaran. Kathik iki mau kenalan mbarek adhike Salam ndhuk pucuke gang, omong-omongan sampek taneg. Mbok…! Ambyar semayane!”
“Adhike Salam sing endi, se?”
“Gak ngreti jenenge, aku!”
“Artimunah, beke?”
“Iya, Ah-ah ngono lo arane. Ayu, semok ngono lo areke.”
“Iya, yen gak semok mongsok kon mbelele, Cak! Iku mono randha, Cak! Anake sik dorung bisa mbrangkang. Bojone mati ndhuk Semarang.”
“Randha?! Duillah! Wis, wis, ojok koktotugna omonganmu! Senep ndhuk weteng! Mrocut, ya mergane arek iku mau hare! Mbok, arek wedok mblaeni temen ngono iku! Rejeki kecekel tangan, worung! Mrocut! Jangkrik! Mripat iki apa nggarahi! Mata yen mata kranjang ya ngene iki akibate. La apa se iki mau papagan mbarek Dulsalam barang? Hm!”
“Mulane lah, Cak. Elinga upa diupaya dhekik sampek kecandhak. Asmara iku kari-kari ae.”
“Bener, bener, bener.”
“Gak ngonone, Cak. Pena isok tah kirane, mbuwang benang tenun?” pitakone Riduwan ganti lagu.
“Apa?”
“Benang tenun.”
“Luk, iya, Rek, kene! Tenan tah kon iku, Wan? Ana pirang bal?”
“Wolungpoluh, Cak.”
“Kwalitase?”
“Rongpoluh es, Singapur.”
“Tenan, tah? Duduk Cilacap?” Terus ae diurut. “Ndhuk endi barange? Duweke sapa?”
“Ngene, Cak. Kon ngreti tah, benang tenun iku barang awasan? Pena teleka hubungan dhesik katene nyang endi mbuwange barang. Mengko aku sing ngurus DO mbarek angkutane pisan. Untunge dibagi, rak iya? DO-ne wis kecekel tangan, iki! Cumak tempone terbatas sampek mene. Yen mene gak dijopuk, ilang!”
Matasan nyetitekna layang-layang sing dipamerake dening Riduwan. Sawise iku banjur padha rembugan bab rega. Wis cocog, terus semayan ketemu surup mengko ing omahe Riduwan. Terus pisahan. Riduwan marani bakul soto. Matasan nyengklak ducatine, ulate ora suntrut maneh, nanging nggethu.
Playune Matasan ngidul. Tekan prapatan, ngiwa ~ ngetan ~ terus ngidul maneh, diseput. Banjur mandheg, kedhang-edhangan sepur liwat. Sepur liwat, budhal maneh bareng karo kendharakan liyane. Rame. Parane ngetan, ngidul, ngetan, ngidul, ngidul, terus ngidul bablas. Banjur mandheg ing sawijining omah gedhong gedhe. Ducatine dijagang. Matasan mlebu pendhapa.
Omah iku sepi. Omah-omah dhaerah kono ~ omah-omahe kaum elite ~ wayah jam telu awan biyasane sepi. Wong-wonge padha turu. Nanging Matasan ora preduli. Ing pikiran ana benang tenun. Benang tenun ateges upa sapulukan! Mula langkahe teteg marani pendhapa sepi. Asu turu ing ngisor kursi, ora jegog, malah kluyur-kluyur nyingkir ajrih, kaya-kaya kena prebawane wong mantep.
“Kulanuwun!” Thok, thok, thok. “Kulanuwun!” Ngotot olehe uluk salam.
Banjur leren. Keprungu baneke wong kleset-kleset ing kamar ngarep. Ora suwe lawang menga. Menga sithik, nanging wis cukup kanggo maspadakake yen sing ngengani lawang iku wong lanang, piyaman, mentas tangi turu.
“Sugeng siyang, Mas! Menapa Mas Darmin wonten?” ujare Matasan ora aweh kelonggaran babar pisan marang wong keset-keset.
“Pak Darmin? Pak Darmin keluwar kota,” suwarane wong aras-arasen ing njero omah.
“Keluwar kota? Wahdhuh!” ujare Matasan sajak gela banget. Dheweke ndhingkluk, kukur-kukur sirah. Mikir-mikir. Banjur, “Kondure njing napa, Nggih, Mas?”
“Benjing Sabtu.”
“Wah, kasep! Eh, anu, Mas, riyin nika Mas eh Pak Darmin rak nate rembag-rembagan bab pabrik kaos. Napa panjenengan ngretos alamate?”
Sing ditakoni tetep ana ing njero kamar, amping-amping lawang. Mripate manther kaya bocah cilik nonton barang aneh. Wong iku pancen gumun ngonangi tingkahe Matasan kang gidra-gidro.
“Kirang terang,” ujare alon semu wegah.
“Cobi, dieling-eling riyin. Pabrik kaos ~ pabrik kaos Nyandhangpenak,” ujare Matasan mencereng kaya guru mbedheki etung muride.
“Kirang terang,” wangsulane murid mbrengkelo. “Yen Nyandhangpenak enget kula nggih teng Lurung Plangkawati ngrika…!”
“La! Nomer?” panyentake Matasan kelegan.
“Kirang terang.” Alot maneh. “Celak pasar sepedhah ngoten, le!”
“Hm. Plangkawati, nggih?! Nggih, nggih, maturnuwun, maturnuwun. Sampun, kepareng!” Ora ngenteni wangsulan saka omah iku, karo masang kacamatane tulak bledug, Matasan nguncuk marani ducatine. Untune mringis, klesak-klesik mbaleni ucapane kang kari dhewe, “Kepareng, ssugeng sare-ee-ee. Plangkawati, Wak Mas!”
Ukara sing kari dhewe iku kanggo tumpakane. Ducatine. Tumpakan sing legreg ora tau disrebeti nanging tetep setia, mesine ora tau onya, ora tau mogok, lan dijak nyambutgawe kena dipengake! Diundang Wak Mas, kaya undang-undangane wong Surabaya deles. Wak Mas, Wak Gus, Wakne Sangkil!
Dheweke terus nyingklak ducatine lan amblas. Panase Kutha Surabaya sasi Agustus ngarepake asar, panas nampeg bathuk ora dirasa. Sing ana ing njero bathuke mung benang tenun wolungpuluh bal. Bareng kang langka ing pasaran bebas. Benang tenun ateges upa sapulukan kanggo sesuk!
Sawise ngener ngulon, banjur tekan dalan amba-dawa, kiwa tengene gedhong-gedhong gedhe riyel. Ducatine dialonake, sirahe tolah-toleh kaya solahe wayang golek Umarmaya nantang perang. Wasana mandheg ing sawenehe gedhong kecepit, mripate isih adreng nyawang blabag kang ana tulisane: Pabrik Kaos Nyandhangpenak.
Kanthi gojag-gajeg dheweke mlebu ing kamar cilik cekli sing ana ing ngarepan.
“Ya, Tuwan?”
“Wahdhuh, kedhisikan!” batine ngresula. Blereng serngenge durung entek ndadak wis dipapagake swara alus, wadon, terus … bareng sulape wis ilang, katon rupane arek wedok sing nyuwara mau: huayu! Ces-pleng! Critane: ana bocah ayu, lungguh ing ruwang cekli mau, eseme minarakake lebune Matasan. Weruh sepisan, Matasan krasa kasmaran. “Kasmaran ing wayah asar, ha-ha-ha!” pikire nggeguyu gagasane dhewe.
“Urusan benang tenun, Jeng!” ujare Matasan eling wigatine mrono. Nyoba nganggo basa Jawa Jawa-tengahan. “Kula enten janji kalih Tuwan… Tuwan sinten niku namine?”
“Tuwan Darmansyah yen bagian pasok bahan,” disaut dening Cah Ayu.
“Nah! Enggih niku! Rak sing ngurus tukon benang tenun, ta?” omonge Matasan kaya cetha-cethaa kae.
Bocah ayu manthuk, lan mangsuli, “Tuwan Darmansyah sampun kondur. Para direksi kondur jam kalih.”
“Lo, la mriki niki, kok tesih bukak?”
“Mriki pabrike kalih gudhange! Kalih tata usaha pabrik. Niku, kantore rak empun tutup! Sedhilut melih mriki nggih tutup. Jam sekawan!” suwarane kenes nanging teges. Grapyake gak nguwati!
Wis oleh katrangan jlentreh, Matasan meksa ora enggal lunga. Isih seneng ngematake nyawang rupa sing gonal-ganel. Lan, e, eling DO-ne benang tenun kang diwatesi nganti tekan sesuk esuk!
“Anu, Jeng, griyane… daleme Tuwan… sapa mau, Tuwan Urusan Benang Tenun…!”
“Darmansyah!”
“Lha, enggih niku, pundi?”
“Lurung Puspanjala nomer sekawan.”
“Puspanjala? Wahdhuh, dhaerah pundi niku, nggih? Dhaerah prumahan enggal niku, rak enggih? Celake, celake Lurung Singanebah ngrika? Golongane jenenge gendhing-gendhing Jawa! Duillah, adohe! Tilpune, tilpune nomer pinten? Ngampil tilpune pisan, nggih?”
Nona Ayu mau menehake nomer tilpune Darmansyah. Terus gledhah-gledhah lorogane, ngetokake tas, ngetokake rembug lan wedhak, terus ngelusake pipine kanthi nyawang ing kaca pengilon ing tase. Nomer tilpun wis dicathet, nanging Matasan ora gage mungkur, nyawang cah ayu ngelus pipine
“Sampeyan niku ajenge napa?” sentake sing disawang.
“O, enggih, ajenge ngampil tilpun!” Matasan gragapan. Ning kober mesem.
“La enggih niku, mangengge!”
“E, pun diidini, ta, niki wau. Wong kula kinten… Hallo! Hallo! Pak Darmansyah? Matasan niki, Pak. Matasan utusane Pak Darmin! Kula ten kantor niki! Teng kamar kerjane… sinten asma sampeyan, Jeng?”
“Nining!” wangsulane otomatis, tanpa pikir. Nanging sengak.
“Nining, Pak! Kula teng pabrike niki, tawi benang tenun. Benang tenun! Enggih! Benang tenun, leres. Napa? Kathahe? Wolungpuluh bal, Pak. Enggih. Hallo! Hallo!? Ini masih bicara, Nona, jangan diputus! Wah, juru tilpun saiki yok apa, se? Hallo! Pak Darmansyah? Enggih, Pak. Tilpune rusak, niki, Pak, dikethok riyin ngriku! Dikethok-thok-thok ngoten, lo! Lha? Yok napa? Mboten krungu, Pak! Enggih, dientosi, kula langsung mriku niki, enggih?”
Tilpun diselehake. Urusan benang tenun bakal beres. Darmansyah mau kandha pabrike pancene butuh benang tenun. Yen pancen ana barange, bisa langsung sesuk kon nglebokake gudhang pabrik, atas pesenane Darmansyah! Urusan benang tenun bakal beres! Pokoke iki langsung marani omahe Tuwan Darmansyah! Mbok Allah! Jaman saiki, omong karo tilpun kalah cepet berese tinimbang karo marani dhewe menyang omahe! Jancurit! Tapi pendheke sore iki beres! Benang tenun beres! Kari urusane karo Nining durung.
“Ajenge kondur, nggih, Jeng? Daleme pundi?” pitakone karo mesem. Digawe sabagus-baguse. Adate arek wedok terus kebimbang yen wis pasang esem ngono. “Yen kondur nitih napa, Jeng?”
“Nirman! Tutiii!” pambengoke Nining. Ora mangsuli pitakone Matasan.
Ana wong teka. Lanang siji, wadon siji. Sing lanang awake dhempal.
“Iki ladenana dhisik tamune. Ngapunten, nggih, Mas, kula perlu dhateng wingking rumiyin!”.
“Teng wingking? Napaa?”
“Teng jedhing! Pipis! Wong olehku ngempet kaet mau jare!”
Matasan ngakak krungu tembunge wong ayu sroolan! Arek alus kok bisa ngomong ndhugal! Ha-ha-ha! Cep! Guyune kandhek! Marga ing ngarepe saiki, adhep-adhepan meh adu irung, ana rai lanang njegigis, lan wong wadon untu mrongos. Matasan kontan brubah polatan, saka kekelen dadi pringas-pringis.
“Urusan napa, Tuwan?”
“Pun, kok, Cak! Urusan kula pun rampung. Ndika mawon sing rukun tengga pabrik niki, hi-hi-hi!” ujare terus lunga.
Nalika ducatine wis dicongklang, gagasane isih misuh-misuh, “Uh, Nining! Diamput, ayune nggelani! Ha-ha-ha! Ngempet nguyuh! Ha-ha-ha!”
“Hee, jancuk! Matane didekek ndhuk endi! Numpak onta ndhuk dalan gedhe kathik ngguyu cekakakan dhewe! Gak bek ya, Pena!” Wong mlaku meh kesrempet ducatine misuh-misuh!
“Jangkrik! Ducati diarani onta! Gak genah arek iku!”
Eling adhine Dulsalam, arek wedok sing mrucutake rejekine mau awan, pikirane Matasan dipunggel dhewe. “Iya, Rek, dagang mono wong wadon sirikane!” Greneng-greneng nyrengeni atine dhewe. “Dagang dibudhali ijen, bandhane mung dhengkul karo abab, dagang apa jenenge?! Eh, ya ngupaya upa sapulukan, diupaya saiki dipangan sesuk! Kaya pitik wae, nemu pangan saiki dicucuk saiki, entek. Heh, ya wong makelaran!”
Lelakone Matasan dina iku isih dawa. Dheweke sida menyang omahe Darmansyah, direksi urusan bahan Pabrik Kaos Nyandhangpenak. Dheweke durung tau tepung. Omahe ing dhaerah lar-laran kutha anyar, adoh nglangut. Nanging ya dilakoni, wong niyate golek rejeki. Mung sarana ati kang takat upa pangane sesuk lan suk emben kuwi bisa kecekel tangan. Mula ora kena wegah, ora ketang kudu ngrai gedheg, awan-awan nggugah wong turu. Wong bakulan kaya dheweke, beda karo uripe pegawe negeri sing wis ajeg nampa blanja saben sasi, megawe apa ora megawe. Pokok saben esuk niliki kantor! Bareng Matasan? Budhal saka ngomah wis nengkreng neng ndhuwure sadhel ducatine, isih durung ngreti ngendi sing dituju! Sing dituju wae durung ngreti, apa maneh keceran rejekine yen ngretia! Kaya awan iki mau, upama ora ketemu Riduwan ing ngarepe Toko Harapan, la mongsok oleh rembug benang tenun! Nanging embuh priye jalarane, Gusti Allah kuwi tansah maringi upa marang wong sing ngupaya upa! Lan Matasan luwih dhemen saben dina kekintrang moncat-mancit ing kutha kaya ngono katimbang lungguh thenger-thenger ing kantor ora ana gawene! Ora ana gawene entek umure! Mula tau dadi pegawe negeri setaun, gagean wae dheweke njaluk metu. Ora krasan!
Sawise rembug karo Tuwan Darmansyah rampung, dheweke nyeput nggoleki omahe Riduwan. Thuk-uthuk-uthuk-sret! Bensine entek! Mangka pompa bensine adoh! Wis, wis, wis! Upa saemplokan iku larang, Rek, ana ing Kutha Surabaya!
“Yok apa, Wan? Isok metu-a benang tenune? Oleh rembug serius iki, lho!”
“Wah! Sara, Cak! Mene iku hari besar plabuhan, Cak. Gudhange tutup. Yok apa?”
“Luk! Apaa kon mau nggak warah?! Kon bakulan nggak karuwan gunemmu, Waaan-Duwan! Ojok ngono kon iku! Saiki yok apa iki?”
“Sabar, Cak, ojok ngotot dhesik. Mene isuk ayo padha nang nggone sapa iku mau jenenge manager gudhang.”
“Apaa mene? Apaa nggak saiki?”
“Wonge lunga, Cak.”
“Temen se, kon ngreti wonge lunga? Ndhak kon tah, sing keset? Nggak percaya aku! Ayo, nggandhola aku, diparani saiki. Iki nggak ming prekara dhuwik, Wan, tapine keprecayan! Dagang jare, yok apa kon iku!"
Tenan sing ditekani ora ana. Nonton bioskop.
”Lha, yok apa kandhaku?” ujare Riduwan bareng tekan omahe manager gudhang Kalimas Dalem.
“Sabar, Wan. Wong bakulan mono kudu sabar. Ayo padha dienteni ndhuk warunge Mak Ali. Mengko sakirane bioskop buyaran, mrene maneh.”
Mau benang tenun kaya-kaya wis kecekel tangan, dioyak-oyak priye mbuwange! Saiki wis genah menyang endi anggone mbuwang, dadakna benang tenune arep mrucut saka gegeman! Nubras-nubras maneh! Berjuwang maneh!
Jam sepuluh bengi, manager gudhang lagi bisa kepethuk. Wose rembug manager akur mbukak gudhange ing dina prei, anggere ongkose tikel. Kuwi dienggo mbayari kuli sing saben dinane nyambutgawe neng kono. Kepeksa, Matasan akur.
“Jamput! Enake dhewe, pegawe gudhang pelabuhan! Sakjane rak gak ana hari besar pelabuhan! Tapi dipreikna, perlune sing dhines gudhang oleh bayaran lembur! Mbook, ancur negara yen ngene terus! Aturan negara bisa diowah-owahi!” gemremenge Matasan.
Jam sewelas bengi Matasan lagi bali ing omahe. Awake kesel nanging lega, rekadayane bab ruwete benang tenun sajake kasil! Nalika wiwit ngglethak dheweke katon-katonen Nining! Ngalamune kuwi banjur dijenengi “Kasmaran ing wayah asar”.
*
Let rong minggu sawise prekara benang tenun beres, Matasan duwe pokal arep ngrampungake prekarane karo Nining, peraga tunggal ing lakon “Kasmaran ing wayah asar”. Olehe marani ya wayah asar, menyang Pabrik Kaos Nyandhangpenak. Matasan sengaja sore iku ora nggawa ducatine.
“Kulanuwun!” swarane kadhung seneng. Ora gojag-gajeg kaya dhek sepisanan!
“Mangga,” ana wangsulan. Swarane ora peni. Wong-wongane ya njegigis karo mrongos!
“Nining teng pundi, Nggih?” pitakone briga-brigi.
“O, pun dicopot.”
“Dicopot? Ah, sing bener! Enten napa?”
“Diterka gandhengan kalih tiyang sade benang tenun sing damele numpak ducati. bobrok.”
“Lha larene pancene gandheng napa?”
“Lha enggih genah, wong tiyange nggene tilpun sepisanan nggih king kamar ngriki, thik. Wayahe kamar sepi.”
“Mung ngoten mawon dicopot?”
“Lha dheke sing nglantarake tiyang sade benang tenun bobrok ngoten. Benang tenun tandhon taun seket lima disade! Nggih rugi, Pabrik!”
Matasan enggal wae lunga saka pabrik kono. Ora betah. Bisaa ngono kaya mencolot-mencolota! Dheweke dikira wong apus-apus! Tujune sore iku dheweke numpak becak, mergane duwe karep nggeret Nining nonton bioskop! Numpak becak wong loro bisa rangkul-rangkulan ing ndalan. Yen goncengan numpak ducati onta, rak kaya ngusungi karung menyang Pasar Pabean! Penggawean lawas! Nguli. Tujune iki mau gak numpak ducati! Andhuka rak ciyeeet! Ditengeri! Dheweke konangan! Dadi makelar benang tenun bobrok! Nanging Nining, o, Nining! “Awakmu merat menyang endi, ta, Jeng Nining?! Nasibmu kok cik eleke!” Terbayang-bayang ulate Nining sing nyaprut ngempet nguyuh!
Nining wis ilang, semingkir saka sandhungane laku! Nining ora kecekel ing tangane. Ora kecandhak! Mangka Matasan kadhung kebimbang! Heh, lelakone wong urip! Upane kecekel, asmarane mawut! Genten-genten ae! Durung jodho!

*

(Kapethik saka: antologi Lelakone Si lan Man, karya Suparto Brata, Penerbit Narasi, 2005)

Isih akeh prakara sing bisa ditulis. Sing penting, kudu wani lan tansah sinau (apa bae) yen arep nulis crita cekak sing apik. Tegese wani, yen duwe gagasan dicathet, terus dibabar maneh miturut panjenengan. Aja wedi elek wong lagi sinau. Tanpa ana elek ora bakal ana apik. Sing pokok, dadi pengarang aja wedi dicacat, amarga panacat kuwi satemene sawijining kawigaten mirunggan saka pawongan liya tumrap kita.

*****

















BIODATA


Dhanu Priyo Prabowo, lahir di Kulon Progo, Yogyakarta, 15 Januari 1961. Lulus Fakultas Sastra UNS Surakarta (1985) Jurusan Sastra Daerah, lulus S-2 Fakultas Sastra UGM Yogyakarta (2000), Jurusan Ilmu-Ilmu Humaniora. Sekarang bekerja di Balai Bahasa Yogyakata. Di samping sebagai peneliti sastra, ia juga menulis esai dan kritik sastra Jawa dalam bahasa Indonesia di harian Suara Pembaruan, (Jakarta), Kedaulatan Rakyat Minggu, BERNAS (Yogyakarta), Suara Merdeka (Semarang), Jawa Pos (Surabaya); maupun dalam bahasa Jawa di majalah Mekar Sari, Djaka Lodang, Praba, Pagagan (yogyakarta), Jawa Anyar (Surakarta), dsb. Karya-karya ilmiahnya dipublikasikan di jurnal ilmiah Widayaparwa dan Bahasa dan Sastra (Pusat Bahasa-Jakarta).
Buku-buku hasil penelitiannya secara pribadi maupun bersama meliputi (1) Nilai-Nilai Budaya Susastra Jawa (1994), Pusat Bahasa; (2) Idiom tentang Nilai Budaya Sastra Jawa (1995), Pusat Bahasa; (3) Sastra Jawa Modern Periode 1920 (1995), Pusat Bahasa; (4) Kisah Perjalanan dalam Sastra Jawa (1996), Pusat Bahasa; (5) Sastra Jawa Modern Periode 1945—1965 (1997), Pusat Bahasa; (6) Guritan Tradisional dalam Sastra Jawa, Pusat Bahasa (2001); Ikhtisar Perkembangan Sastra Jawa Modern Periode Prakemerdekaan (2001), Gadjahmada Universitypres; (7) Ikhtisar Perkem-bangan Sastra Jawa Modern Periode Kemerdekaan (2001), Kalika; (8) Pengaruh Islam dalam Karya-karya R. Ng. Ranggawarsita (2003), Narasi; dan (9) Pandangan Hidup Kejawen Dalam Serat Pepali Ki Ageng Sela (2004), Narasi.
Buku-buku karya fiksinya antara lain (1) Rembulan Padhang ing Nga-yogyakarta (editor), Festival Kesenian Yogyakarta (1992); (2) Cakramang-gilingan (editor), Festival Kesenian Yogyakarta (1993); (3) Pangilon (editor), Festival Kesenian Yogyakarta (1994); (4) Pesta Emas Sastra Jawa (editor bersama Linus Suryadi Ag.), Pustaka Pelajar, Yogyakarta (1995), (4) Pisusung (editor), Pustaka Pelajar, Yogyakarta (1997).
Buku cerita anak antara lain (1) Pertobatan Seorang Pemalas, Pusat Bahasa, Jakarta (1995); (2) Bandungbandawa, CV. Kerja, Yogyakarta (1995); (3) Panembahan Senapati, Pustaka Pelajar, Yogyakarta (1996); (9) Putri Arumdalu, Pustaka Pelajar, Yogyakarta (1997); (4) Sang Pujangga Pusat Bahasa, Jakarta (1997).
Ketua Seksi Pergelaran Sastra Jawa Festival Kesenian Yogyakarta (1992, 1993, 1994, 1995, 1997, dan 1998), Wakil Ketua Penyunting Majalah Sastra Jawa Pagagan (1994--1998), anggota penyunting buletin Caraka (1998-2001). Pada tahun 2002, menjadi juara III Lomba Mengarang cerita Cekak Tingkat Propinsi Jawa Tengah dan pada tahun 2003. Tahun 2003, mendapat penghargaan seni “Abdi Karya Sastra” dari Bupati Kulon Progo, sebagai penggiat seni sastra di kawasan pedesaan.

Yogyakarta, Maret 2008

5 komentar:

Anonim mengatakan...

hi everybody


great forum lots of lovely people just what i need


hopefully this is just what im looking for looks like i have a lot to read.

Anonim mengatakan...

Pretty good post. I just stumbled upon your blog and wanted to say that I have really enjoyed reading your blog posts. Any way I' ll be subscribing to your feed and I hope you post again soon.

Anonim mengatakan...


[url=http://www.pakcerscheapjersey.com/packers-by-player-john-mcnally-jersey-c-1_59.html][b]John McNally Jersey[/b][/url]
[url=http://www.pakcerscheapjersey.com/packers-by-player-nick-collins-jersey-c-1_72.html][b]Nick Collins Jersey[/b][/url]
[url=http://www.pakcerscheapjersey.com/packers-by-player-herb-adderley-jersey-c-1_45.html][b]Herb Adderley Jersey[/b][/url]

Anonim mengatakan...


[url=http://shenenmaoyis.tripod.com/][b]sac longchamp[/b][/url]
[url=http://shenenmaoyiss.webnode.cn/][b]sac longchamp[/b][/url]
[url=http://www.shenenmaoyii.350.com/][b]sac longchamp[/b][/url]
[url=http://my.opera.com/shenenmao/blog/2012/12/23/les-derniers-modes-2012?firstpost=Y][b]sac longchamp[/b][/url]
[url=http://shenenmaoyii.angelfire.com/][b]sac longchamp[/b][/url]

Anonim mengatakan...


[url=http://fieks.com/blogs/entry/Grab-This-Includes-Everything-Around-Cheap-NHL-Jerseys][b]Cheap NHL Jerseys[/b][/url]
[url=http://buzzsocial.ca/Boutiques%20en%20ligne/bring-to-an-end-complaining-and-commence-your-own-special-cheap-nhl-jerseys-email-campaign-instead/][b]Cheap NHL Jerseys[/b][/url]
[url=http://forerunner.finearts.yorku.ca/~couroux/visa3056/index.php?title=3-Methods-For-Jerseys-Your-Able-To-Use-This-Afternoon][b]Cheap NHL Jerseys[/b][/url]
[url=http://www.websocialbook.com/story.php?title=the-inescapable-fact-on-jerseys][b]Cheap NHL Jerseys[/b][/url]
[url=http://okamiworld.com/cursedlands/index.php?action=profile;u=126462][b]michael kors outlet[/b][/url]