Telulas Nopember
marang Ni Ratu
Sugito HS
ing angen-angen
aku teka sangu esem
tanpa kembang tanpa buntelan
sebab eman yen nganti dlamakan
tanganku kringeten
nalika njawat astamu
ing angen-angen
tekaku nganggo klambi putih clana ireng
tanpa rerenggan babar-pisan
sebab niyatku temenan
paranku lempeng
mung tumuju atimu
ing angen-angen
aku ngadeg anteng-meneng
tanpa beksan tanpa tembang
sebab slaga-swara tan kuwagang
medharake kapang
ngungkuli paguting netraku-netramu
ing angen-angen
esemmu ngawiyat dadi rembulan
sumorot adhem trus ing badan
temah jagatku padhang
tanpa was-sumelang
manjing purining katresnanmu
ing angen-angen
kumlawe astamu sing tengen
anjawat semune aweh teken
temah jejeg adegku kenceng
tanpa sarana gondhelan
nunggu wedharing tresnamu
ing angen-angen
pra dewa samya nembang
cakepane puji tentrem
widadari nyebar kembang
jagate agung jagate arum
mangastuti tresnaku-tresnamu
Nandan, 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar