Tuladha teks sesorah
sampun nate dipunpigunakaken ing sayembara sesorah tumrap siswa SMK-SMA taun 2011
PENDIDIKAN KARAKTER JAWA
kaserat dening Sugito HS
Assalamu’alaikum wa
rahmatullahi wa barakatuh
Nuwun. Kula ngaturaken
sugeng siyang dhumateng Panjenengan sedaya, inggih dhumateng para kanca pamupu
sayembara sesorah, ugi dhumateng bapak-ibu para dwija basa Jawi, lan
mirungganipun dhumateng dewan juri, sumarambah dhumateng para kadang panitya sayembara.
Alhamdulillah dene Gusti
sang Maha-Rahman tansah peparing rahmat barakah kawelasanipun tumanduk kula saha Panjenengan, titah ing jagad padhang. Alhamdulillah dene Gusti sang Maha-Rahim
sanityasa nanduki sih-wilasa dhumateng titah ingkang ajeg ngugemi budi utami.
Para Kadang sutresna budaya
Jawi. Wekdal samenika ungsumipun nedheng sami. Ombyakipun saweg warata. Sedaya
meh boten beda. Menawi Panjenengan maos koran, isinipun koran boten beda
kalihan warta ingkang Panjenengan-pidhangetaken ing radio. Menawi Panjenengan
mriksani televisi, warta ing TV ugi boten geseh kalihan wosing pawarta ingkang
sinerat ing ariwarti. Jejagongan ing warung kopi, wosing pirembagan ugi sami
kalihan ing acara diskusi mligi. Isu ingkang populer inggih menika kabar
KORUPSI lan USAHA PEMBERANTASAN KORUPSI. Sepisan malih, inggih menika PAWARTA
NGENGINGI KORUPSI lan PAMBUDIDAYA
MBIRAT, MBENGKAS, MBRANTAS, MUNAH KORUPSI.
Inggih awit prekawis
menika, pramila boten mokal menawi ing jagading pendidikan, nedheng gayeng
hanggunggung tuwin ngalembana menggah sae miwah prayogipun PENDIDIKAN KARAKTER. Bokmenawi
menika kaniyataken kangge urun daya mbrantas korupsi supados sampun ngantos
dados tradisi.
PENDIDIKAN KARAKTER nedheng
dados liding pirembagan ing saben-saben kalodhangan, ing pundi-pundi papan, lan
ing sadhengah paheman. Nanging, pitakenankula: menapa inggih leres bilih
pendidikan karakter menika bab ingkang saestu anyar gress wedalan saking China
utawi Korea, Eropa menapa dene Amerika, kados dene i-Pad? Menapa inggih leres
bilih pendidikan karakter menika produk impor? Menawi wangsulanipun: “Ora! Kuwi
ora bener. Awake dhewe ya duwe rumus pendidikan karakter. Ora prelu dadak
impor,” lajeng kados menapa rumusan pendidikan karakter cengkok budaya Jawi?
(nembang
Kinanthi Wulangreh, mung rong gatra)
dadiya
lakunireku
cegah
dhahar lawan guling
Cegah
dhahar lawan guling! Kenging menapa teka lajeng kedah cegah dhahar? Tiyang
ingkang luwe menika beda kalihan tiyang wareg. Menapa malih tiyang Jawi.
Awakipun piyambak menika sampun manuh ora isa turu yen wetenge durung kisen
sega. Sauger wetenge klintiran, mesthi obah. Badhe pitados sumangga, menawi
boten pitados inggih sumangga kersa. Wong kasunyatanipun kula lan Panjenengan sami
dene ngraosaken, sami-sami ngalami piyambak ing padintenan. Nggih ta?
Luwe
menika jebul njalari ELING. Sagedipun eling menika sebab ora lagi kewaregen,
boten saweg ketuwuken. Sebab, adhakanipun, sauger sampun dhahar, menapa malih
ngantos keladuk tuwuk, wontenipun lajeng ngantuk. Menawi sampun keraos arip hla
rak mesthi lajeng sare. Kamangka, pundi wonten tiyang tilem kok saged eling
menapa malih WASPADA?
Nah, gragap-gragap dugi ing ngriki sampun radi cetha.
Kapribaden warisaning pra linuhur rumuhun inggih kapribaden ingkang ngugemi
ELING lan WASPADA. Srananipun kangge nggayuh watak ELING-WASPADA tartamtu
kemawon inggih kanthi memanuh dhiri supados pijer betah luwe supados betah
melek. Betah melek pamrihipun supados kagungan wekdal ingkang langkung rowa
kangge dedarma ing margi kotamen. Dene sangunipun inggih niyat suci. Sucinipun
awit kawengku raos ELING lan WASPADA. Nah, sagedipun dunung dhumateng margi
kotamen kalawau inggih kedah pawitan ngangsu ngelmu. Dhumateng sinten
anggenipun sinau?
(nembang
Dhandhanggula mung rong gatra)
lamun
sira anggeguru kaki
amiliha
manungsa kang nyata
ingkang
becik martabate
Sinau,
anggeguru dhumateng tiyang ingkang tetela becik martabatipun! Titikanipun
menapa? Kajlentrehaken ing Wulangreh, inggih menika tiyang ingkang nguningani
tata-pranataning ukum, ingkang istiqomah pangibadahipun, ingkang sanityasa
nandur kabecikan, ingkang tebih saking pamrih menapa malih raos melik dhumateng
darbeking liyan.
Kawruh
menapa kemawon ingkang kedah dipun-udi kanthi wekel? Namung wonten kalih werni.
Sepisan, KANORAGAN. Kaping kalih KEBATINAN. KANORAGAN menika sanes ngelmu
pencak, sanes kaprigelan silat. KANORAGAN menika saking lingganing tembung
ANORAGA, tegesipun ANDHAP-ASOR; LEMBAH MANAH. Dados, kanoragan menika kawruh
ngengingi prekawis solahing tangan lan suku, ebahing badan, kedheping netra,
njinjiting alis, ugi kedaling lathi. Kanoragan menika ngelmu patrap. Kanthi
kanoragan menika tiyang saged njumbuhaken prataping dhiri, muna lan muni
gumantung papan lan kawontenan. Saengga tansah ngugemi EMPAN-PAPAN. srawungipun
badhe sae, dipuntresnani dening akathah, pinrecaya sinten kemawon, sinuyudan kadang-mitra, awit sampun kenging dipunwastani SARJANA ing budi.
Dene
KEBATINAN menika ngelmu sangkan-paran. Kanthi ulah batin, miyak lajering
sangkan lan wewadining paran, tamtu manungsa badhe katempelan watak ingkang
damel tunaning liyan, saengga wenang sinebut SUJANA ing budi.
(nembang Pangkur mung 3 gatra)
aja lunyu lemer genjah
angrong pasanakan nyumur gumuling
ambuntut arit puniku
LUNYU.
LEMER. GENJAH. ANGRONG PASANAKAN. NYUMUR GUMULING. AMBUNTUT ARIT. Watak cacah
nem menika ingkang kedah dipun-awisi. Badhe damel tunaning liyan menawi kula
LUNYU: mencla-mencle ora kena diugemi omongane! Kepara badhe damel tunaning
dhiri pribadi menawi kula LEMER: penginan, melikan, iren, saengga serik marang
bungahing tangga, dahwen marang pakartining sanak, open dhumateng bandhaning
sedulur. Badhe dados memalaning jagad menawi kula GENJAH: remen sulaya, boten
gadhah antebing dhiri. Tartamtu badhe ngrisak katentremaning bebrayan agung
menawi kula awatak ANGRONG PASANAKAN: ngrusak pager ayu, daksiya mring
sapadha-padha. Ugi badhe dados tuk-sumbering kapitunan menawi kula NYUMUR
GUMULING: pijer rerasanan, alaning liyan diumbar turut dalan. Badhe ngreridhu
karaharjaning bebrayan agung menawi kula AMBUNTUT ARIT: pijer ngugung mareming
pribadi, tan tulus ing sadhengah pakarti.
Dereng
kathah ingkah kulawiyak saking warisaning pra luhur ing tanah Jawi. Nanging
pranyata sampun kacihna bilih kabudayan Jawi menika nyimpen mutyara wulangan
kapribaden. Pitakenankula: kenging menapa dadak gidhuh amburu uceng menawi
namung badhe kelangan dheleg? Kenging menapa boten mbangun karakter bangsa
lelandhesan raos lan rosing budaya?
Desa maca
cara, Negara mawa tata. Kapribadenipun tiyang Gunungkidul sampun nyawiji
kalihan bumi ingkang nyimpen kakang kawah adhi ari-ari. Kapribadening tiyang
Sleman sampun wungkul ing kukuhing Gunung Merapi. Sumangga dipun-udhal,
dipun-brengkal, dipun-jereng, dipun-jingglengi, dipun-presudi, kapribadening
tiyang Jawi. Nuwun.
Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar