Kamis, 10 April 2008

GEGURITAN SUGITO HS

Marang Dasih Sing Nunggu Dina “Panggih”

Singkapen was-sumelang iku, Dasih
sebab luh sing netes ing pangkonku wingi
wis wungkul dadi mutyara
wis nungkul ing emban kencana
bakal ngrengga driji manismu sing kiwa

Puguhna atimu
sebab angin wis memba dadi rencana
sawega nodhi wijiling prasapa
Aja nganti alum pupuse, gogrog godhonge, gapuk kayune, rungkat oyode
Upakaranen temah tuwuh kembange

Ing endah warnane gegayuhan ginadhuh
Ing sumrebak gandane donga suci rinonce
Mapag mangsa wohing janji wenang diundhuh

Ulungna tanganmu, Dasih
kejaba ana ukara minangka sesulih

Dhadhaku subuh mangsa ketiga
Netramu lintang tengah samodra

Yogya, 2008


Saben Pagut Netra

tembang iku bali ngumandhang
tembang iku ngindhit pawarta
tembang iku tatas gamblang
tembang iku cetha prasaja

aku lan kowe padha-padha krungu
awake dhewe isih padha mangu-mangu

Yogya, 2008



Layange Sinta Marang Rama

Mbokmenawa biyen mung durung kober kandha,
merga kinemulan bungah nganti lali blaka.

Kudune sanalika iku,
sapurnane gandhewa pinenthang,
bareng gumuruhing surak,
nalika netramu magut jantungku,
sadurunge drijimu nggegem lengenku,
prasetya iki,
sedyaning wanita,
gadangane manungsa,
wis kokrungu.

: Muktining bebrayan tan mapan ing tangan kang rosa,
senajan kuwawa menthang gandhewa.

Ayeming wanita tan cukup sinandhing priya sulistya.

Yen mung arep urip ing tengah wana,
lemek suket,
bantal watu,
apa gunane sayembara.

Aku ora cinidra, Wong Bagus.
Aku wanita; bakal ngandhut, nglairake, momong-nggulawenthah putra.
Pancen ora kudu keceh bandha, nanging kleru yen anak nganti kalunta-lunta.

Tresnaku larang, Wong Bagus.
Ing tembe, nalika kahanan wis malik, aku mesthi balik.
Matur nuwuna marang Rahwana.


Yogya, 2008



Layang Marang Sedulur ing Paran

delengen, Kadang
dheweke kukuh nyangga butuh
tangi jenggirat pendhak krungu adan subuh
gita-gita mangkat sangu sapada Gambuh
mlipir-mlipir ngendhani lurung-lurung kisruh

apa kowe nate krungu dheweke misuh?
nate weruh dheweke sambat-nggruguh?
utawa dheweke karem ngumbar luh?

dhestun temen aku lan kowe
gandrung, liwung, bingung, wekasane mutung

kudune awake dhewe isin, Kadang
pendhak butuh mung ngathung
ora keturutan banjur mberung
sugih kawruh panggah isih pengung
gemblung, mbambung, ngidung turut lurung

ayo mulih, Kadang
mumpung durung buka Ketawang Megatruh
dheweke wis sepuh, wis putus ndulang kawruh, wis tumek nggolekke lawuh

ayo ngabekti, Kadang
mbabati latar njembrung, madhangi senthong suwung, mekak polah kedlarung

asmane ayo dijunjung


Yogya, 2008



Cathetan Terminal

Iki tan prabeda lakune gendhing
Gong sasmita purwaka
Gong tandha paripurna

Kae ana sandi
Awake dhewe oleh unjal lan kudu enggal budhal

Gembolen bingungmu
Wajibe mung kudu mlaku


Yogya, 2008



Warta Saka Penggurit

Isih panggah, Dasih
Ing ocehe Kutut paminta ginadhuh
Bumi tentrem tanpa gruguh
Adhem kalis luh
Ayem sepi pisuh


Yogya, 2008


Pangawe Saka Desa

Cah Ayu, mampira
coba rasakna nyamplenge sarapan thiwul lan grawul
selawase ngenyam suguhane wong pinunjul
iki kalodhangan becik kanggo ngicipi panganane wong-wong sing dongane
gampang kabul

adusa banyu kedhung saka umbul
resikana awak sing pliket gubel kebul


Magetan, 2008



Cathetan Salin Mangsa

Pipimu meles, Dasih
Tetela dudu tilas tangis
Cihna awakmu atis
Seneng timen tadhah grimis

Cetha iki bedane enom lan tuwa
Mapag sasmita mangsa: kono wani kene wedi


Yogya, 2008


Gurit Kukuh

Ambyur slulup gegrayah tebane manik
Glagepan dhineseg dayane ranu
Megap-megap kaseser kayun
Apa kudu mentas?
Wis trima wurung?

Iki lakon, Dasih
Luwung kantaka tinimbang mendha


Yogya, 2008


Narasi Mangsa Kasanga

Surup lengkeh gunung
Adhem nlasak nladhung
Amem njiret jantung
Miris dadi tembung
Kidung nyemplung kedhung
Jaka nandhang wuyung


Magetan, 2008



Kontemplasi

getir mampir nyampir kelir
ngarep mripat cetha nistha
buri geger genah muspra
ndhuwur sirah peteng brukut
ngisor sikil kecer mawut


Magetan, 2008



Njingglengi Mangsa

grimis sore sinung warta
mratah marang jaka pinggir kutha
mangsane isih rendheng durung ndungkap ketiga

prayoga enggal tata-tata mapag pletheking surya
eman lamun tinilap jaman


Magetan, 2008



Janji Ing Prapatan

pancen lempeng lan amba,
edhum dening akehe wit-witan ngrembuyung
: dalan tumuju tamansari kang pijer ngganda wangi

emane aku durung arep mlaku mrana
isih kelingan wekase bapak
: tekan prapatan iku kudu enggal menggok ngiwa
welinge ibu
: ing pupute lurung iku prenahe papan kang kudu daktuju

Dasih, prayogane koktunggu aku ing kene
wis tak mlaku dhewe lan mesthi enggal bali mrene
wingi sadurunge budhal bapakmu wanti-wanti,
“Aja nganti Dasih kesandhung, najan mung sumilire angin!”
ibumu ngendika,
“Dasih aja nganti kokjak mlebu papan iku!”

tunggunen wae ing kene
aku janji bakal nganthi sliramu ngliwati dalan iki
menyang tamansari kang kebak mawar lan kekupu bingar
sarampungku nurut lurung iku

Aku tresna sliramu


Yogya, 2004



Marang Sing Ana Ing Kana

Yen pancen nyata kowe digdaya
buktekna! Yen pancen nyata kowe ampuh
aja nggruguh! Yen pancen nyata kowe limpad
aja sambat!

Dupeh menang rupa banjur tumindakmu
neka-neka. Dupeh sugih bandha banjur pokalmu
rupa-rupa. Dupeh isih mudha banjur trekahmu
warna-warna.

Murka. Apa-apa kok-uja.
Ngayawara. Apa-apa kokreka.
Daksiya. Sapa-sapa kokjara.

Serepa nyawa, apa banjur bisa nglungsungi
kaya ula? Koceha brana, apa banjur bisa kalis pati
kulak raga? Panjanga yuswa, apa banjur bisa langgeng
uripmu mulya?

Palakarma iku ana. Nyata.
Ngundhuh wohing pakarti. Mesthi.
Getun keduwung. Tanpa guna.
Muspra.


Yogya, 2006



Gandrung ing Kutha Bandung

ing kene pancen ana Regawa
menthang langkap mupu sayembara
dudu ing Mitila
ora nggayuh Sita

ing kene pancen ana Suryatmaja
gandrung kayungyun nandhang wigena
dudu Surtikanthi sing gawe branta

ing kene pancen ana Arjuna
methik kembang luwaring bebana
nanging dudu kanggo Sembadra

ing kene pancen ana Priyambada
mesam-mesem ngronce ukara
dudu Mustakaweni sing dialembana

ing kene
ana sing lagi mupu sayembara
ana sing lagi kataman branta
ana sing lagi minangkani bebana
ana sing lagi lega ngalembana

ing kene
marang si Klambi Abang
Kenya Sundha
Ing taman ITB

Bandung, 2006
(dimuat di Harian Jogja dengan nama pena M Rasyid)


Rerepen Kanggo Ibune Thole


Ora perlu gumun meruhi wong lanang tawan-tawan
tangis, mbrebes mili, luh tumetes nelesi pipi. Ora susah takon
dheweke klairan taun pira. Sedhih iku ora mawas enom lan
tuwa. Ora susah melu ngrasakke apa sing njalari
tangise. Sapa ngerti mung keculek mripate.

Wingi bapakku ya nangis, tanpa waspa tanpa
swara. Saiki ganti aku sing nangis, tanpa
luh tanpa gruguh. Biyen simbah kakung ya nate
nangis. Sesuk bocah lanang ing pangkonmu iku uga bakal
nangis. Ora perlu nungsung pawadane!

Isih akeh sing kudu winangsulan. Kena apa akeh
papan wingit? Kena apa akeh lemah sangar? Kena apa akeh
kayu aeng? Kena apa akeh kulit bucik? Dudu tangis lan
luh jalarane!


Yogya, 2006

Tidak ada komentar: