ORA KARUWAN
Supadmi
“Boten saged, Paklik. Menawi kula mantuk, lajeng kula badhe matur menapa? Kula bingung. Menika prekawisipun bapak lan ibu. Sinaosa kula menika jejeripun anak, nanging kula ngrumaosi boten gadhah hak kangge tumut cawe-cawe.”
“Ya ora ngono kuwi ta, Pram. Wong nyatane, anake kuwi mung kowe. Mangka ing prekara iki sing bisa nengahi ya mung kowe. Yen kowe ora gelem mulih, ora gelem cawe-cawe, njur sing arep ngrampungi sapa? Aku kuwi pancen sedulur enom. Ning, rak sedulure enom ibumu. Aku sumelang, yen mengko urun rembug, mundhak dikira arep mbelani ibumu dupeh sedulur cer. Mangka, karo bapakmu, aku mung sedulur ipe. Ewuh, Pram.”
“Sami kemawon, Paklik. Menawi samenika kula mantuk. Lajeng sowan bapak ing griya kidul. Pandakwane ibu lan simbah, mesthi kula lajeng mbelani bapak. Menawi kula sowan ibu, mesthi simbah kidul lajeng ndakwa kula emban cindhe-emban siladan.”
“Ora, Pram.”
“Inggih kemawon.”
“Njur piye yen kowe ora gelem mulih?”
“Bapak lan ibu menika sanes lare alit, Paklik. Kedahipun prekawis menika saged dipunrembag. Boten lajeng dredah kados ngaten menika. Menapa boten lingsem dhateng tangga-teparo? Menapa boten isin nyawang anak?”
“Kudune iki sing kok-aturke marang bapak-ibumu. Ora ana gunane kokkandhakke aku.”
“Napa Paklik nggih babar pisan boten elik-elik.”
“Wis ora kurang-kurang, Pram. Ning, kowe ngreti dhewe, iki dudu prekara lumrah. Yen mung prekara padudon kaya saben dinane wae, aku wani nungkak krama, mesthi taksrengeni. Iki beda, Pram. Iki prekaramu, Nak?”
“Paklik. Kula …, kula …, kula …,” ucape Pramana kandheg.
Sepi. Ora ana sing ketara arep miwiti omong. Pramana ngadeg ing mburi cendhela, nyawang njaba. Panyawange ketara adoh, nglangut. Ambegane ketara abot. Tangane ketara nggegem kenceng banget. Mripate mbrabak abang, meles.
Paklik Tukimin panggah lungguh ing kursi ruwang tamu. Sangga uwang. Nyawang meja ing ngarepe. Ora! Nyawang gelas! Dudu! Nyawang wedang kopi. Kleru! Nyawang njerone wedang kopi! Kurang! Kurang jero! Padha! Padha Pramana! Nglangut!
Dhewe-dhewe. Wong loro nglamun dhewe-dhewe. Sepi. Sepi banget. Suwe. Suwe banget. Panggah. Pramana isih panggah ngadeg ing mburi cendhela. Paklik Tukimin isih panggah lungguh ing kursi. Sepi.
Ing njaba, angin ngelus gegodhong, tan maelu nelangsane Pramana. Ing njaba, emprit-emprit gegojeg, tan maelu bunege Paklik Tukimin. Kombang-kombang mbrengengeng ngungrum kekembang, tan maelu getiring lelakon kluwargane Pramana.
Critane mangkene, wis telung wulan bapak lan ibune Pramana ora manggon saomah. Bapake trima mulih ing omah kidul, awor dadi siji karo wong tuwane. Atine lara. Isin. Wirang. Ora tegel. Ora kuwat. Ora trima krungu rerasane tangga sing ndakwa ibune Pramana sedheng karo wong lanang liya.
Yen ora precaya, mangka jare akeh sing weruh. Yen precaya, kok nyatane ora ana owah-owahan sing katon ing padinane bojone. Angel. Bisane mung dadi pikiran. Arep neges takon dhewe marang bojone ora tegel. Pak Parto, bapake Pramana, isih yakin menawa bojone ora bakal tumindak nistha kaya sing diwartakake tangga. Nanging, menawa ngelingi kluwargane sing pijer urip mlarat, ora mokal yen Bu Parto banjur ora kuwat godha, kepencut wong lanang liya sing sugih bandha, sing bisa ngajak mulya.
Pitulikur taun urip ing desa sing lemahe garing ora ngasilake apa-apa, pancen dudu lelakon sing entheng. Nanging, apa ya patut yen wong wis anak-anak, wis ora enom maneh, rambute wis meh werna telu, wis kulina urip nrima, kok kedadak bisa mutung, trima mlayu ngendhani kasunyatan. Pak Parto isih puguh ora bisa bisa nampa kabar sing ngenani bojone.
Sejene kuwi, Pak Parto saya ngenes yen ngelingi anake lanang, si Pramana, sing wis limang taun urip neng paran. Iba isin lan wirange Pramana yen krungu kabar iki. Pramana anak ontang-antinge. Pramana wis gedhe. Pramana wis dudu bocah cilik sing kena disapih nganggo kembang gula. Mesthine, Pramana sedhela maneh bakal omah-omah. Nanging, …aahhh, mesthi sirahe Pak Parto kaya arep pecah. Kuwur. Ajur. Mawur.
Beda sing dirasakake Bu Parto. Dheweke ora trima dinakwa nistha. Dheweke lara diarani ngiwa. Dheweke gela, Pak Parto precaya marang pawarta sing ngayawara. Dheweke cuwa, bojone ora gelem mbukani rembug apa-apa. Dheweke sedhih, tanpa kandha, bojone ngreti-ngreti ngalih. Dheweke mangkel. Dheweke kogel. Suwe-suwe ana rasa pengin pisan teles. Pengin pisan klebus. Pengin pisan ambyur. Pengin pisan ajur. Ing atase ora nglakoni wae meksa dinakwa. Suwe-suwe dheweke mutung. Pengin pisan nglakoni sedheng tenan. Karuwan.
Ing paran, satemene Pramana wis krungu warta iku, senajan ora pati cetha. Wong-wong desa akeh sing ngabari dheweke nalika isih anget-angete. Bola-bali dheweke dikabari supaya enggal mulih, ngrampungi prekarane kluwargane. Bola-bali dheweke kukuh ora precaya marang sapa wae sing ngandhakake pakartine ibune. Dheweke ngampet seseg saben-saben krungu kabare bapake. Suwe-suwe dheweke rada precaya. Suwe-suwe dheweke nggagas. Nggagas tenan. Sedhih. Nelangsa. Nggrantes. Isin. Wirang. Ora wani mulih. Pepuntone, dheweke sengaja nglalelake. Dilali-lali. Ora ilang. Tansaya kelingan. Pijer kelingan. Mangkel. Mangkel banget. Mangkel banget marang ibune. Cuwa. Cuwa banget . Cuwa banget marang bapake. Isin. Isin banget. Wirang marang lingkungan ing desane. Mutung. Dheweke mutung ora gelem mulih. Trima ora weruh kahanan sing satenane.
“Cobi njenengan penggalih, Paklik,” swarane Pramana mecah sepi, “Kula menika sampun ageng. Sampun diwasa,” swarane campur tangis, “Kok kebangeten timen ibu. Damel wirange anak mawon kok mekaten caranipun.”
Sidhem suwe. Ora ana wangsulan. Paklike mung meneng. Mbegegeg. Lambene rapet. Ngampet.
“Bapak nggih ngaten,” Pramana omong maneh, “Sampun sepuh kok cekak timen penggalihe. Boten dirampungi prekarane, malah ditinggal lunga.”
Isih sidhem. Ora ana wangsulan. Mbokmenawa Paklik Tukimin bingung gawe ukara. Tur manehe, ature Pramana pancen dudu pitakonan. Iku mung ukara pangudarasa. Utawa malah Pak Tukimin pancen ora krungu pisambate ponakane iku mau. Sebab, dheweke dhewe uga katon ngundha pangangen-angen sing embuh tebane. Suwung.
“Mpun, Paklik. Njenengan kondur mawon. Kula dereng saged mantuk sakniki. Nyuwun tulung njenengan aturke bapak lan ibu, kula sagah mantuk yen bapak lan ibu kersa lenggah saomah. Kula purun ngrampungi prekara yen manggon tengah. Kula pancen anak. Nanging, ing prekawis menika kula boten wenang nggondheli sinten kemawon.”
“Lungguha dhisik ta, Pram. Aja malah melu-melu ruwete wong tuwamu. Merga, mung kowe sing bisa nglungguhi adil, Nak. Sapa maneh sing bisa ngrukunake bapak lan ibumu yen dudu kowe?”
“Kula mpun lila, Paklik. Yen sing becik kangge bapak lan ibu menika kedah pisah, kula trimah. Pedah napa dirukunke nek atine mpun cengkah. Tan wurunga, benjing, tatu menika badhe kewiyak malih. Dredah malih.”
“Pram, yen bisa aja nganti pisah ta, Nak. Mesakake kowe ta, Nak. Anake bapak-ibumu kuwi mung siji, kowe kuwi. Yen wong tuwamu pisah, kowe malah kudu ngopeni wong rong omah. Saya abot sangganmu, Pram.”
“Kula sagah. Tinimbang dadi siji, ning boten nyawiji.”
“Sareh, Pram.”
Tangise Pramana pecah. Luhe Pak Tukimin bedhah.
Ing njaba, srengenge wis munjuk sagenter dhuwure. Tan maelu duhkitaning manungsa. Ing njaba, angin lan godhong pepuletan andum tresna, tan maelu babaring crita. Ing njaba, emprit-emprit mbangun susuh, tan maelu banjiring luh. Ing njaba, kombang-kombang nembang tresna. Ing njaba, kupu-kupu mbeksa sesuka. Ing njaba, akeh crita sing beda.
Dimuat di Harian Jogja, Minggu Pahing, 8 Juni 2008
1 komentar:
Nice brief and this post helped me alot in my college assignement. Thank you on your information.
Posting Komentar