Rabu, 11 Juni 2008

SEKAR MACAPAT

MIJIL

Ki Sasmita

sapa kang dunung pakarti becik
lan pakarti awon
jroning kahanan jaman samangke
ingkang sanyatane padha lali
mring lajering budi
enering rahayu

sapa kang kuwat ngugemi janji
tansah andhap-asor
wani ngalah luhur wekasane
kamangka anane padha melik
ora gelem keri
lungguh kursi dhuwur

sapa kang gelem ulah prihatin
pasa ngampet omong
ngampet sedhih lara ngelak luwe
kamangka akeh sing urip mukti
ing rina lan wengi
bungah mesem ngguyu

sapa kang isih kober memuji
mring kang Mahamanon
matur nuwun marang nugrahane
ing nalika keblate wis malik
kelangan sesaji
mantram sekti hayu


Yogya, Juni 2008

Harian Jogja, Minggu Paing, 8 Juni 2008

Tidak ada komentar: