REMBULAN KIJENAN
J. Respati
angin mlayu ngulon
nututi angslupe srengenge
manuk mabur ngulon
bali ing susuhe
rembulan ing burine
beda
bocah-bocah kelangan cakepan
rembulan kijenan
simbah cuwa
lelawa gumrudug ngetan
mbebeda rembulan kijenan
adhem
amem
sidhem
rembulan kijenan
KIDUNG TALU
J. Respati
Seksenana, Cah Ayu
Wong Lanang sawega mbundheli prasapa
Lumantar cempala ing tangan kiwaku
bakal dhinodhog korining rahayu temah binuka
Lumantar urubing blencong ing ndhuwur sirahku
bakal sinapu sakehing rubeda ing marga
Lumantar gedebog ing ngarep dhadhaku
bakal tinanceb jejeg gegaraning gantha
Seksenana, Cah Ayu
Gong wis muni
Laku sinartan puja santi
Keprak bakal muni
Tilas tapak bakal dadi prasasti
Wewayangan katon ing buri
Wong lanang durung mati
Seksenana, Cah Ayu
Senajan jagat kumel-kucem
Senajan manungsa angel mesem
Kelir iki kudu tansah putih resik
Lakon iki kudu tansah mulang becik
Seksenana, Cah Ayu
Wong Lanang suthik lincat janji
Harian Jogja, Minggu Paing, 8 Juni 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar