ORA ELING-ORA NGRETI
Sugito HS
Gumun! Saben wong kaya-kaya wis padha ngreti menawa titip warta kuwi mesthi bakal wuwuh, dene yen titip dhuwit bakale suda. Ewadene, kok ya ora rumesep ing ati. Kanyata ora padha sumelang nalika pinrecaya nglantarake kabar. Kepara padha mbungahi nambah-nambah ukara nalika aweh kabar. Semono uga sing pinitaya andum dhuwit. Malah girang-girang ngelongi jatahe liyan tanpa sumelang. Digawekake pitutur pangeling-eling supaya tansah ngati-ati, jebul malah sakepenake dirusaki lan dilangkahi. Malah dadi bareng-bareng karem muwuhi warta, luwih saka sanyatane, kroyokan nyuda jatah sing dudu duweke. Pancen nggumunake.
Kosokbaline, sing mung kari nampa kabar apa dene sing mung kari nampa dhuwit, wis kebacut golong-gilig nggebyah uyah. Dianggep, kabeh sing padha aweh kabar kuwi mesthi ngapusi utawa gaweyane mung munjul-munjulake, amrih luwih saka sanyatane. Disengguh, saben sing katitipan dhuwit kuwi mesthi seneng nyuda tanpa dhasar sing cetha. Anane mung cubriya, ora precaya, lan gela. Karemane pijer ndakwa ala lan golek benere dhewe. Tansaya nggumunake!
Sing mangkelake tur ya mesakake kuwi nasibe wakil rakyat sing padha nglungguhi kursi legislatif kae. Kepiye olehe ora mangkelake? Biyen, nalika kursine isih wujud impen, senengane ngumbar janji. Janji ngana, janji ngene, kaya-kaya mesthi dadi nyatane. Bareng impen wis dadi kasunyatan, klakon lungguh ing kursi DPR, nampa blanjan ngluwihi guru besar, kewuhan anggone arep netepi janji. Sebab, mesthi wae ana impen anyar. Ora susah dadak diselaki! Kabeh wong padha! Mula, becike aja seneng janji. Uga aja seneng nampa janji. Mundhak mung tekan janji!
Senajan ngono, kadhang kala awake dhewe kudu welas nyawang nasibe wakil rakyat kuwi. Ora kabeh sengaja mblenjani janji, nanging rakyat kebacut ngarani. Ora kabeh korupsi. Nanging, rakyat kebacut lara ati. Ora wurung kabeh dinakwa korupsi. Tur pancen nyatane ya ngono kuwi. Tegese, sing ora eling (sing lali janji lan banjur korupsi) karo sing ora ngreti (sing eling nanging katut keduman dhuwit korupsi) kuwi pancen padha-padha. Cethane, padha-padha ngelongi dhuwit sing kudune kanggo nyaur utang janji. Banjur uga padha-padha mimbuhi janji. Pamrihe, bisa ngedhem atine rakyat sing sregep nagih janji. Nanging, tetep beda!
Muga-muga awake dhewe saya pinter mbedakake endi sing nyata “ora eling” (temen-temen niyat korupsi) lan endi sing nyata ‘ora ngreti” (ora duwe niyat korupsi nanging melu mangan asil korupsi). Muga-muga sing “ora eling” enggal bisa “ngelingi”. Muga-muga sing “ora ngreti” banjur dadi “ngreti”. Muga-muga rakyat ora gampang kabujuk janji. Muga-muga rakyat ora mung seneng nagih janji. Muga-muga enggal klakon nyawiji. Dhuh Gusti….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar