Sabtu, 28 Juni 2008

SEKAR MACAPAT

SEKAR MACAPAT SINOM

Ki Sasmita


1. sekar-sekar samya mekar

endah-endah milangoni

samirana andum ganda

arum-arum amrik wangi

dhoyong adeging dhiri

sru goreh antebing kalbu

kataman larasmara

liwung gandrung marang dasih

kadya kombang mabur ing luhuring taman


2. bawane kang maksih mudha

tan anggagas ala-becik

mung anggunggung rasa suka

emeng noleh kanan-kering

tur kurang mawas dhiri

satemah kasandhung-sandhung

wurung anggayuh suka

malah lara mangkel sedhih

nenulari tan prayoga mring bebrayan



*** dimuat di Rubrik Jagad Jawa Harian Jogja 29 Juni 2008

Tidak ada komentar: