... TAMBAH AKEH
Sugito HS
Wulan iki kepetung terminal tumrape cah sekolah. Sing wis lulus SD rame-rame ndhaftar ing SMP. Sing lulus SMP seneng-seneng arep mlebu SMA. Sing lagi lulus SMA mbungahi, jalaran sedhela maneh bakal dadi mahasiswa.
Wulan iki uga mesthi dadi stasiun tumrape wong tuwa. Sing maune duwe celengan pirang-pirang kudu siyaga ngelongi, kepara ngentekake nganti gusis. Sing anake isih cilik ora mesthi butuhe dhuwit mung sithik. Merga, ragade bocah mlebu play group saiki ya ora sethithik. Ndhaftar TK kuwi nyatane bisa ngluwihi ragad kanggo mlebu SD. Semono uga ndhaftar SMP, akeh sing larange ngluwihi ragad mlebu perguruan tinggi. Ing desa utawa ing kutha wis ora adoh sungsate yen ngenani bea kanggo nyekolahake anak. Racak padha larange.
Mligi taun pelajaran anyar 2008/2009 iki, tansaya kojur. Nalare, jalaran mbarengi undhake rega BBM lan mesthi wae uga njalari undhake reregan apa-apa. Ora bakal keri, undhake bea sekolah. Wong tuwa endi sing ora kober mikir? Sing PNS durung nampa kabar bakal anane undhak-undhakan gaji. Sing mung buruh, bayare ya ora wuwuh. Mangka, nyekolahke anak kuwi wajib, tur ragade saya ndedel meh sundhul langit, meh padha karo gegadhangane para wong tuwa marang anake dhewe-dhewe.
Ruwet! Tumrape anak, yen ora disekolahke bisa dadi prekara. Mangka, yen disembadani wong tuwa, ya durung karuwan cetha. Kosokbaline, tumrape wong tuwa, yen ora wani ngragadi sekolahe anak, mesthi diisin-isin tangga. Mangka, yen nekad nyekolahke anak, ya kudu wani isin golek utangan turut omahe tangga. Angel pilihane!
Upama gelem padha njingglengi tur nglenggana, saben taun, pirang ewu bocah sing mlebu Jogja saprelu kuliah lan mung pira sing saben taun lulus? Pira cacahe sing bareng lulus banjur oleh pakaryan? Pira akehe sing lulus, makarya, banjur mulih lan urip ing desane? Tegese, sekolahan kanyata durung pati akeh pisumbange tumrap sudane pengangguran lan undhake kemandhirian. Nanging, regane tansaya larang. Apa maneh saiki, sawise rega BBM mundhak.
Ruwet tenan! Wis ngreti yen sekolah kuwi ragade larang, imbuh rega BBM sing uga kepetung larang, ewadene sing padha mara sekolah ing Jogja racak nggawa kendharaan dhewe. Sepedha montor tambah akeh. Ing dalan, sajam-jame kerep macet. Bea urip ing Jogja wuwuh akeh. Wong tuwa sing nggolekke ragad klakon menggeh-menggeh.
Muga-muga sing ngaku mlarat ora tambah akeh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar