Sabtu, 28 Juni 2008

GEGURITAN

AKU LAN KOWE DUDU AWAKE DHEWE

J. Respati




aku ngimpi

kowe ngimpi

awake dhewe tansah ngimpi

: lungguh ing gisik, sesendhon ngelik, sangu ublik, cilik, ora resik

ana baita teka, aweh papan sela, ngajak lunga, nembang suka

aku ngira

kowe ngira

awake dhewe tansah ngira

: segara ora amba, tanpa bebaya, kiblate cetha

alun mung banyu, mlaku mung maju, mesthi nemu guyu

aku rumangsa

kowe rumangsa

awake dhewe tansah rumangsa

: balung iki atos, raga iki kukuh, kawruh iki bontos, jiwa iki teguh

kuwawa nggegem wahyu, duwe aji sekti, entheng nggayuh mulya, gampang urip mukti

aku sembrana

kowe sembrana

awake dhewe sembrana

lan emoh dinakwa tanpa deduga

aku picak

kowe budheg

lan awake dhewe emoh sarimbitan

lan daya-dinayan

lan ayom-ingayoman

lan donga-dinongan

lan...

Yogyakarta, Juni 2008



*** dimuat di Jagad Jawa, Harian Jogja 22 Juni 2008

Tidak ada komentar: