Sabtu, 28 Juni 2008

SEKAR MACAPAT

SEKAR MACAPAT DHANDHANGGULA

Ki Sasmita


1. lir-pendah urubing bagaspati

kang nyunari salumahing jagat

sanadyan panas cahyane

tan kiyat kang andulu

nanging ta aweh daya urip

ngono uga sanyata

wewataking kawruh

piwulange para dwija

dwija luhur kebak laku darma suci

mungkuraken angkara


2. nanging angel ing jaman samangkin

angupadi guru kang utama

kang buntas-tamat kawruhe

tur eklas mulang muruk

kotamaning gesang sejati

malah kathah sanyata

ingkang adol kawruh

kanggo srana numpuk bandha

temah koncatan sesipate Ywang Suci

ngubal-ubal angkara


Yogyakarta, Juni 2008

*** dimuat di Jagad Jawa Harian Jogja, Minggu Legi, 22 Jun 2008

Tidak ada komentar: