Minggu, 29 Juni 2008

GEGURITAN

PARADE SWARA KALATIDHA

J. Respati


Ana swara.

Asale beda-beda.

Surasane kaya padha. Mung kaya padha.

Ana swara saka gulu kalung dhasi.

“Kawula cilik kudu dibelani.

Rega sembako kudu murah.

Listrike aja pijer mota-mati!”

Ana swara saka dhadha kebak mangsi.

“Panguwasa kudu netepi janji.

Rega BBM kudu murah.

Koruptor aja mung cukup dicatheti!”

Ana swara mbengung saka jero gedhung.

Ana swara sesautan turut dalan.

Surasane kaya padha. Kaya mbelani kawula.

Kaya njola ora trima. Kaya ngreti sing utama.

Kaya-kaya sembada nata negara.

Emane,

Kang Suta, Lik Naya, Mbok Dhadhap, Yu Waru,

babar pisan ora precaya.

“Padune mung melik kuwasa!”

“Pintere mung ngrakit ukara!”

“Yen oleh kursi pokale padha!”

“Ora ana sing sembada!”



*** dimuat di rubrik Jagad Jawa Harian Jogja 29 Juni 2008

Tidak ada komentar: